Seputar Islam

PDF Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 18 Juli 2025, Khidmat dan Bermakna

Dalam artikel kali ini akan disajikan PDF materi Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa terbaru edisis 18 Juli 2025 yang khidmat dan bermakna untuk dibagik

Tribunsumsel.com
ILUSTRASI MASJID - Berikut adalah PDF Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 18 Juli 2025, Khidmat dan Bermakna 

Wonten ing ayat sanesipun, Gusti Allah paring keterangan sifate wong kang sabar: 

اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌۗ قَالُوْٓا اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ 

Artosipun: "(Utawi sifate wong kang sabar) yaiku wong-wong kang nalika nampa bila nuli maos: inna lillahi wa inna ilaihi roji'un (tegese kabeh mau kagungane Gusti Allah, lan kita kabeh bakal dipun balikake marang Gusti Allah)" (QS Al-Baqarah: 156) 

Wong kang padha tabah lan sabar, bakal oleh pangapura lan nikmat saking Gusti Allah swt. Tiyang kang sabar ugi gadahi ati saha pikiran kang sumeleh ing dalem nglampahi gesang ing dunya. Piyambake tansah yakin, menawi kena ujian ing dunya, wonten Gusti Allah ingkang bakal maringi pitulungan. 

Gusti Allah sampun paring dhawuh: 

لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۗ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْۗ 

Artosipun: "Gusti Allah ora bakal merdi manungsa, kajaba kang dikuwasani dening manungsa mau. Lakon bagus ana ganjarane. Lakon ala ana siksane." (QS Al-Baqarah ayat 286)   

Sidang Jumat rahimakumullah, 

Lajeng menawi wonten tiyang sanes ingkang kena pacoba, kados pripun sikap kita ingkang prayogi? Mestinipun mboten cukup, anggene kita namung matur supados tansah sabar ngadepi pacoba punika. Ananging kedah ugi gadah rasa welas, langkung-langkung saget sami ndherek tetulung. 

Gusti Allah swt sampun paring dhawuh:

 وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ 
Artosipun: ".. Padha tetulunga ing dalem kebecikan lan takwa. Lan aja padha tetulung ing dalem doso lan keawonan... (QS Al-Maidah ayat 2). 

Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi paring dhawuh babagan tetulung menika. Wonten ing salah setunggal hadits, Kanjeng Nabi dhawuh:

 عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ نَـفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُـرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا ، نَـفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُـرْبَةً مِنْ كُـرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ 

Artosipun: "Saking Sahabat Abu Hurairah RA, Nabi Muhammad saw paring dhawuh: Sapa wonge kang jembarke (aweh tulung) marang wong mukmin liya kang nandang kesusahan, mangka Gusti Allah bakal jembarke (aweh pitulungan) marang wong mau ana ing Dina Kiamat." (HR Muslim). 

Tiyang ingkang seneng tetulung, insyaallah bakal angsal ganjaran ingkang ageng. Wonten ing lanjutan hadits menika, dipun sebataken, sapa wonge kang gampangke urusan wong liya, bakal digampangake urusane ana ing dunya lan akhirat. 

Halaman
123
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved