Seputar Islam
PDF Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 18 Juli 2025, Khidmat dan Bermakna
Dalam artikel kali ini akan disajikan PDF materi Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa terbaru edisis 18 Juli 2025 yang khidmat dan bermakna untuk dibagik
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Dalam artikel kali ini akan disajikan PDF materi Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa terbaru edisis 18 Juli 2025 yang khidmat dan bermakna untuk dibagikan pada Jamaah Sholat Jumat.
- Unduh Gratis: PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
_____________
Materi Khutbah Jumat
"Sikap Tiyang Mukmin nalika Kena Musibah"
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: ٱلَّذِينَ إِذَآ أَصَٰبَتْهُم مُّصِيبَةٌ قَالُوٓا۟ إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّآ إِلَيْهِ رَٰجِعُونَ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)
Sidang Jumat rahimakumullah,
Rikala gesang wonten ing dunya, manungsa bakal nampa werna-wernine kahanan. Kadangkala, nampa kahanan kang kepenak. Kadangkala ugi pinaringan pacoba utawi musibah. Sedaya punika, sejatosipun sampun ginaris saking Gusti Allah swt.
Dhawuhipun Allah ing Al-Qur'an:
مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِۗ وَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ يَهْدِ قَلْبَهٗۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ
Artosipun: "Ora ana bilahi utwai pacoba kang tumiba, ngenani siji wong, kajaba mesti sarana qadla e Allah Ta'ala. Sapa wonge kang iman ing Allah. Allah bakal nuduhake atine wong-wong mau. Allah iku marang sekabehane perkara, tansah mirsani," (QS At-Taghabun ayat 11)
Wonten ing Kitab Tafsir Al Ibriz ingkang dipun anggit KH Bisri Musthofa Rembang, dipun terangake carane Gusti Allah paring pituduh dumateng tiyang kang iman, tegese percaya sedaya bilahi mesti sarana qadla e Allah Ta'ala, yaiku Gusti Allah bakal paring sifat sabar nalikane nandang pacoba.
Dados sifat sabar menika, dados salah setunggale tandane tiyang kang iman. Sedaya tansah dipun wangsulaken marang Gusti Allah. Nalika piyambake angsal nikmat, tansah maturnuwun, syukur marang Gusti Allah. Lan menawi kena pacoba utawi bilahi, piyambake bakal nampi kanthi sabar.
Khutbah Jumat
18 Juli 2025
Tribunsumsel.com
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Kumpulan Khutbah Jumat 2025
Jamaah Sholat Jumat
Doa Sebelum Mulai Sidang Skripsi, Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Artinya, Amalkan Agar Tidak Gugup |
![]() |
---|
Arti Doa Marhaban Bi Habibi Wa Qurrotul Aini Muhammad Ibni Abdillah, dan Khasiatnya |
![]() |
---|
Tiga Harta Paling Berharga untuk Dijaga di Dunia Menurut Hadits, Tulisan Arab, Latin Arab dan Arti |
![]() |
---|
Contoh Teks Khutbah Jumat Terbaru 19 September 2025, Padangan Islam Terkait Kasus Perselingkuhan |
![]() |
---|
Doa Dipermudah Segala Urusan, Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.