Seputar Islam

Materi Khutbah Jumat Bulan Syawal dalam Bahasa Jawa Edisi 11 April 2025, Khidmat dan Penuh Haru

Berikut adalah contoh Naskah Khutbah Jumat Bulan Syawal dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan penuh makna untuk dibagikan pada Jamaah Sholat Jumat.

Tribunsumsel.com
ILUSTRASI MASJID PUTIH - Inilah Materi Khutbah Jumat Bulan Syawal dalam Bahasa Jawa Edisi 11 April 2025, Khidmat dan Penuh Haru 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut adalah contoh Naskah Khutbah Jumat Bulan Syawal dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan penuh makna untuk dibagikan pada Jamaah Sholat Jumat.

____

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Syawal Wulane Ningkataken Taqarrub Marang Gusti Allah"

Khutbah I:

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِى وَفَّقَ عِبَادَهُ الْمُؤْمِنِيْنَ لِاَدَاءِ الْاَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً اَرْجُو بِهَا رَفِيعَ الدَّرَجَات. وَأَشْهَدُ اَنّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  صَاحِبُ الْمُعْجِزَاتِ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُولِى الْفَضَائِل وَالْكَرَامَاتِ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ. اِتَّقُوا اللهَ بِامْتِثَالِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَاجْتِنَابِ الْمَنْهِيَّاتِ. وَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوا يَوْمًا تُرْجَعُوْنَ فِيْهِ إِلَى اللهِ ثُمَّ تُوَفَّى كُلُّ نَفْسٍ مَا كَسَبَتْ وَهُمْ لاَ يُظْلَمُوْنَ

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah

Monggo kito sami ningkataken takwo lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kimawon, rame utawi sepi, katon utawi samar, kanti nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo laranganipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah.  Gusti Allah sampun dawuh:

وَذَرُوْا ظَاهِرَ الْاِثْمِ وَبَاطِنَهٗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْسِبُوْنَ الْاِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوْا يَقْتَرِفُوْنَ

Artosipun: Lan pada tinggalno sakabehane tumindak duso, sing katon apa ora. Saktemene wong kang ninda’ake tumindak duso sesok ono dino kiyamat bakal oleh walesan amarga tumindak duso  (surat al An’am 120)

Dawuh meniko negesaken bilih tumindak duso arupi nopo kimawon, termasuk duso dateng sederek muslim, tetanggi lan masyarakat sedoyo kedah ditebihi. Sebab nebihi perkawis ingkang dipun cegah Gusti Allah niku termasuk penggawe takwo:

 امْتِثَالُ أَوَامِرِ اللهِ وَاجْتِنَابِ نَوَاهِيْهِ سِرًّا وَعَلَانِيَّةً ظَاهِرًا وَبَاطِنًا 

Artosipun: Ngelampahi sedoyo perintahe Gusti Allah lan nebihi laranganipun, samar lan katon, dzohir lan batin 
 
Hadirin Ingkang Sami Bahagio

Kedah kito pahami bilih tingkatan takwone tiyang muslim niku bedo-bedo. Takwo ingkang paling duwur tingkatane niku bakal dados penyelamat ing dunyo lan akherat. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:

وَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يُنْجِهِ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ

Artosipun: Lan sopo wonge takwo marang Gusti Allah, mongko Gusti Allah bakal nyelametaken ing dunyo lan akherat 

Halaman
12
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved