Idul Fitri 2025
Contoh Teks Khutbah Sholat Ied Lebaran Idul Fitri 1446H/2025 Bahasa Jawa, Singkat dan Bermakna
Jamaah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah. Nalikane mirengaken Idul Fitri, tentu ingkang wonten dateng pikiran kito sedanten inggih meniko raos bungah
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Sasi Ramadhan inggih meniko sasi ingkang spesial dipun khususaken Gusti Allah kanggeh tiyang-tiyang Islam. Ing sasi meniko wonten maghfirah, rahmah tur itqun minan nar.
Sasi Ramadhan ugi dados sarana menungso kanggeh nedi pangapunten saking Gusti Allah kalayan ngelaksanaaken ngibadah siyam lan tarawih. Kados dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad saw:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
"(Saking Abi Hurairah nate ngendikan, bilih kanjeng Rasulullah Saw nate dawuh: Sinten mawon ingkang ngelampahi siyam wonten sasi Ramadhan kalihan percados lan ngarep-ngarep ganjaran saking Gusti Allah bakal disepunten duso-dusone seng kepungkur)."
Gusti Allah nggeh ndadosaken Qiyam Ramadhan (Tarawih) sarana mbusek duso koyo dinih dawuge Kanjeng Nabi Muhammad saw:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يُرَغِّبُ فِي قِيَامِ رَمَضَانَ مِنْ غَيْرِ أَنْ يَأْمُرَهُمْ بِعَزِيمَةٍ ثُمَّ يَقُولُ مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
"(Saking Abi Hurairah nate ngendikan, bilih kanjeng Rasulullah Saw. Ngelampahi Qiyam Ramadhan (Tarawih) senajan mboten majibaken. Terus Kanjeng Rasul dawuh: ”Sinten mawon ingkang ngelampahi Qiyam ramadhan (tarawih) kerono iman dateng Gusti Allah tur ngarep-ngarep ganjaran saking Gusti Allah, bakal disepunten duso-dusonipun ingkang sampun kepungkur”.
Sederek sedanten ingkang dipun Rahmati Gusti Allah. Kaliyan sregep lan tekun ngelampahi siyam lan shalat tarawih kaleh ati ingkang tulus ngarep-ngarep ridho lan ganjaran saking Gusti Allah, niscoyo duso lan kesalahan kito sedanten dateng Gusti Allah bakal disepunten kejobo duso syirik.
Sakmantunipun duso kito dipangapunten kalayan Gusti Allah, kewajiban kito sedanten inggih meniko mbersihaken duso ingkang wonten sangkut pautipun kalayan menungso.
Idul Fitri utawi bangsul dateng fitrah bakal sampurno nalikane sampun dipun pangapunten kalehan Gusti Allah lan menungso.
Dipun busek duso kito dateng menungso lintu kalayan nedi sepunten lan maringi ngapunten marang tiyang lintu.
Nah, kalayan momentum Idul Fitri meniko monggo kito dadosaken sarana nedi sepunten lan paring pangapunten dateng tiyang lintu kaleh jalaran silaturrahim (nyambung seduluran, nyambung welas asih) dateng tiyang sepah, sederek, tetanggi, rencang lan lintu-lintunipun.
Sebab amergi welas asih meniko lawanipun benci, mangkel, sehinggo tiyang ingkang manahipun wonten raos benci mangkel dateng tiyang sepah, sederek, tetanggi, rencang saget diarani tiyang ingkang mutus welas asih (Qathiur Rahim).
Padahal tiyang ingkang mutus welas asih niku mboten saget mlebet suwarginipun Gusti Allah, kados deneh dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
عَنْ ابْنِ شِهَابٍ أَنَّ مُحَمَّدَ بْنَ جُبَيْرِ بْنِ مُطْعِمٍ قَالَ إِنَّ جُبَيْرَ بْنَ مُطْعِمٍ أَخْبَرَهُ أَنَّهُ سَمِعَ النَّبِيَّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ
KAI Divre III Palembang Layani 82.532 Penumpang Saat Arus Mudik dan Balik Lebaran 2025 |
![]() |
---|
Kumpulan Ucapan Halal Bihalal Idul Fitri 2025 dalam Bahasa Arab untuk Caption di Medsos |
![]() |
---|
29 Contoh Ucapan Halal Bihalal Idul Fitri 2025 yang Benar dan Berkesan untuk Acara di Kantor/Sekolah |
![]() |
---|
5 Contoh Ikrar Halal Bihalal Siswa Kepada Guru Singkat dan Berkesan |
![]() |
---|
Sudah H+8 Lebaran, Penumpang Bus di Desa Celikah OKI Masih Ramai, Harga Tiket Turun |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.