Seputar Islam

Contoh Teks Khutbah Jumat Nuzulul Quran Bahasa Jawa yang Penuh Makna dan Khidmat, Ada LINK PDF

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.. Wonten ing kesempatan Jumat inkang minulyo meniko monggo kita sami ningkataken iman lan takwa dumateng Allah SWT

Tribunsumsel.com
KHUTBAH JUMAT NUZULUL QURAN - Ilustrasi malam Nuzulul Quran. Inilah Contoh Teks Khutbah Jumat Nuzulul Quran Bahasa Jawa yang Penuh Makna dan Khidmat, Ada LINK PDF. 

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Wonten ing Ramadhan 1446 Hijriyah utawi tahun 2025 Masehi meniko, Nuzulul Qur’an ingsya Allah dinten Senin, 17 Maret 2025 utawi 17 Ramadhan. Milo mboten heran katah masyarakat ingkang meringati kelawan macem-macem coro. Mulai ngawontenaken kegiatan ten masjid utawi mushola, buka bersama, ngantos ngatamaken Al Qur’an.

Sedoyo meniko dalam rangka hormat dateng mandhap ipun Kalamullah arupi Al Qur’anul Karim. Kegiatan meniko ugi dados pengeling lan nancepaken nilai-nilai Islam khusus ipun dateng anak-anak generasi selajengipun.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Katah sanget keistimewaan ingkang saget kito pendhet saking Al Qur’an. Nopo maleh kito purun maos lan ngamalaken ing wulan Ramadhan. Ing antawis ipun sekawan (4) keistimewan Al Qur’an inggih meniko:

1. Angsal Syafaat ing dinten kiamat

Dipun jelasakan wonten hadist Riwayat Muslim bilih tiang ingkang maos Al Qur’an angsal Syafaat ing dinten kiamat. Tentu, kelawan waosan ingkang leres, tajwid lan makhorijul huruf ipun leres.

اقْرَءُوا الْقُرْآنَ فَإِنَّهُ يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيعًا لِأَصْحَابِهِ

“Moco siro ing Al Qur’an, sebab dewek e bakal teko ing dino kiamat wenehi syafaat nang sopo wae sing moco Al Qur’an.”(HR. Muslim)

2. Tiang ingkang lancar maos  Al Qur’an bakal bareng poro malaikat

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendikan:

الْمَاهِرُ بِالْقُرْآنِ مَعَ السَّفَرَةِ الْكِرَامِ الْبَرَرَةِ وَالَّذِي يَقْرَأُ الْقُرْآنَ وَيَتَتَعْتَعُ فِيهِ وَهُوَ عَلَيْهِ شَاقٌّ لَهُ أَجْرَانِ

“Wong sing lancar moco Al Qur’an bakal bareng karo malaikat utusan sing mulyo tur ngabekti, tapi wong sing moco Al Qur’an kelawan nyendat-nyendat tur abot, mongko dewek e oleh ganjaran 2 (loro).” (HR. Muslim)

3. Maos sak huruf Al Qur’an angsal 10 kebagusan

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh:

Halaman
1234
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved