Sedekah Ruwah

Kumpulan Kata Sambutan Tuan Rumah Sedekah Ruwah 2025 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Bermakna

Para rawuh, sesepuh, pinisepuh ingkang kinabekten, Bapak-bapak dalah ibu-ibu ingkang kinurmatan, sarta para kadang kaneman ingkang kula tresnani, Ingk

Tribunsumsel.com
SEDEKAH RUWAH - Ilustrasu orang sedang menyampaikan kata sambutan dalam sebuah acara. Ini Kumpulan Kata Sambutan Tuan Rumah Sedekah Ruwah 2025 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Bermakna. 

TRIBUNSUMSEL.COM - Bagi Anda yang tengah mencari referensi kata sambutan tuan rumah acara ruwahan dalam Bahasa Jawa bisa menggunakan ragam contohnya yang akan Tribunsumsel sajikan dibawah ini.

===

Kata Sambutan Tuan Rumah Sedekah Ruwah 2025

#Contoh 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.

Poro bapak, ibu, lan sederek ingkang kula hormati.

Kawulo pinongko wakil ketua RT 05, ingkang sepisan ngaturaken sugeng rawuh lan ngaturaken sewu-swu angung ing panuwun dumateng poro bapak, ibu, lan poro sederek sedaya, ingkang sampun kerso ngrawuhi acara rapat RT ingkang dalu menika.

Mugi-mugi tindak panjenengan saking ndalem dumugi ing menika papan kareken ngibadah lan pikantuk ganjaran saking ngarso dalem Allah SWT.

Cekap semanten atur kulo pinongko tuan rumah, mbok bilih wonten lepat nyuwun pangapunten ingkang kathah.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

#Contoh 2

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng dalu para sedherek ingkang kawula tresnani

Ingkang kinurmat para sesepuh, pini sepuh, aji sesepuh ingkang tansah kinabekten.

Para bapak, para ibu, sarta para sedherek ingkang kawula khurmati.

Kawula minangka sesulih saking ketua RT 06, badhe ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun ingkang ageng dhumateng para bapak, ibu, lan para sedherek sedaya, ingkang sampun kersa ngrawuhi adicara rapat RT wulanan ing wekdal dalu punika.

Mugi-mugi tindakipun panjenengan saking ndalem dumugi papan punika klebet ngibadah ingkang ing tembe bakal pikantuk ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT.

Para bapak, ibu, dalah para sedherek sedaya.

Cekap semanten atur kawula minangka menawi wonten atur utawi tumindak kula ingkang kirang trep utawi kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan, kula sacara pribadhi nyuwun agunge pangaksami.

Waalaikum salam warahmatullahi wabarakatuh

#Contoh 3

Para rawuh, sesepuh, pinisepuh ingkang kinabekten
Bapak-bapak dalah ibu-ibu ingkang kinurmatan
sarta para kadang kaneman ingkang kula tresnani

Kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng sedaya warga ingkang sampun paring kapitadosan dhumateng kula, ngundhuh saha caos pepanggenan kagem pepanggihan rutin arisan dalah rapat RT menika. Kanthi bombonging penggalih kula matur dhumateng panjenengan sedaya, sugeng rawuh ing papan panggenan kula menika.

Mugi-mugi rerembagan wonten ing enjang/siyang/sonten/dalu punika saged njurung kemajenganipun RT ingkang kula panjengenan sedaya tresnani menika.

Salajengipun, mbokmenawi anggen kula cepak papan panggenan kirang mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.

Mboten kesupen kula ngaturaken panuwun dhumateng para kadang kaneman ingkang sampun urun pambiyantu kagem gancari lumadosipun pasugatan.

Cekap semanten atur kula, hambok bilih wonten lepat nyuwun pangapunten ingkang kathah.

**

Artikel lainnya di google news.

Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved