Seputar Islam

Materi Khutbah Jumat Bulan Rajab Bahasa Jawa Edisi 3 Januari 2025, Bermakna dan Penuh Khidmat

Berikut ini akan disajikan materi Khutbah Jumat bulan Rajab dalam Bahasa Jawa edisi 3 Januari 2025, pilihan terbaik dan penuh khidmat untuk dibagikan

Tribunsumsel.com
Materi Khutbah Jumat Bulan Rajab Bahasa Jawa Edisi 3 Januari 2025, Bermakna dan Penuh Khidmat 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan materi Khutbah Jumat bulan Rajab dalam Bahasa Jawa edisi 3 Januari 2025, pilihan terbaik dan penuh khidmat untuk dibagikan pada jamaah Sholat Jumat.

====

KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA

"Wulan Rajab Dados Wulane Persiapan"

Khutbah I:

اَلْحَمْدُ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا محمد وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ 

Maasyiral Muslimin Rahimakumullah

Monggo kito sareng-sareng ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun, rame utawi sepi, samar utawi terang, supados kito sedoyo pikantuk rahmatipun Gusti Allah soho pengapuro wonten ing dunyo ngantos akhirat. 

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluargane, lan poro sohabate ingkang sampun paring pituduh supados ngelampahi tuntunan agomo Islam kanti bener. Gusti Allah sampun dawuh:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Artosipun: Saktemene Gusti Allah lan malaikate podo moco sholawat dumateng Kanjeng Nabi. Hei wong kang podo iman, mocoho sholawat lan salam dumateng Kanjeng Nabi. (Al-Ahzab 56)

Ayat meniko negesaken bilih Gusti Allah maos sholawat arupi paring tambah rohmat ta’dzim keberkahan lan poro malaikat tansah ndedungo kesaenan marang Kanjeng Nabi. Lajeng kito dipun perintah nyenyuwun dumateng Gusti Allah supados sering maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi supados kaluberan berkah ugi pikantuk kesaenan. 

Hadirin Ingkang Minulyo

Sekedap malih kito bade melebet wonten wulan Rajab ingkang kebak berkah lan kesaenan. Wulan Rajab meniko wulan istimewa. Sayyid Abu Bakar Syato dawuh wonten kitab I‘anatut Thalibin bilih Rajab meniko asale saking lafad al-tarjiib (التَّرْجِيْب) ingkang maksudipun ngagungaken utawi mulyaaken. Kranten tiyang-tiyang Arab zaman rumiyen mulyaaken wulan Rajab ngungkuli wulan-wulan lintunipun.

Wulan Rajab ugi dipun sebat al-ashobb (الأَصَب) ingkang artosipun deres (mengucur). Kranten saking deres tetesan kesaenan rohmat wonten wulan Rajab meniko. Rajab saget ugi dipun kenal kaliyan sebutan al-Ashomm (الأَصَم) maknonipun tuli utawi budeg. Kranten mboten dipun pireng suara senjata pasukan perang wonten wulan Rajab. Gusti Allah nyebataken Rajab dados salah setunggalipun wulan harom tegese wulan ingkang dipun mulyaaken.

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ 

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved