Seputar Islam

Naskah Khutbah Jumat Hari Ini 13 Desember 2024 dalam Bahasa Jawa, Pilihan Terbaik dan Penuh Makna

Berikut ini akan disajikan contoh Naskah Khutbah Jumat hari ini, 13 Desember 2024 dalam Bahasa Jawa, jadi pilihan terbaik dan penuh makna untuk dibagi

Tribunsumsel.com
Naskah Khutbah Jumat Hari Ini 13 Desember 2024 dalam Bahasa Jawa, Pilihan Terbaik dan Penuh Makna 

شَفَاعَتِى لأَهْلِ الْكَبَائِرِ مِنْ أُمَّتِى

Artosipun: Syafaatku iku kanggo umatku ingkang dusone gede (HR. Abu Dawud)

Setunggale riwayat dawuhaken: “kanggo umatku ingkang nggadah duso”. Dawuh meniko saget dipun pahami bilih umat Islam ingkang nggadah duso, alit utowo ageng bakale pikantuk syafaate Kanjeng Nabi, kejobo duso syirik. Lajeng kados pundi carane supados kito saget pikantuk syafaatipun Kanjeng Nabi? 

Wonten setunggale hadis dipun dawuhaken:

 عَنْ أَنَسِ بْنِ مَالِكٍ أَنَّ رَجُلًا سَأَلَ النَّبِيَّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَتَى السَّاعَةُ يَا رَسُولَ اللَّهِ قَالَ مَا أَعْدَدْتَ لَهَا قَالَ مَا أَعْدَدْتُ لَهَا مِنْ كَثِيرِ صَلَاةٍ وَلَا صَوْمٍ وَلَا صَدَقَةٍ وَلَكِنِّي أُحِبُّ اللَّهَ وَرَسُولَهُ قَالَ أَنْتَ مَعَ مَنْ أَحْبَبْتَ

Artosipun: Dipun riwayataken saking Anas bin Malik, wonten tiyang tanglet marang Kanjeng Nabi: Kapan terjadine dinten kiamat? Kanjeng Nabi tanglet balik: Opo sing wis siro persiapaken?, Sohabat jawab: Kulo mboten nyiapaken kagem sangu dinten kiamat kaliyan ngatahaken ibadah shalat, poso, sodaqoh, ananging kulo nggadah raos trisno marang Gusti Allah lan Rasulullah, Kanjeng Nabi dawuh: Siro bakal dikumpulaken sertane wong ingkang siro trisnani (HR Al-Bukhari dan Muslim).

Hadis niki negesaken bilih tiyang ingkang saget pikantuk syafaat mbenjeng kedah nggadah raos trisno marang Gusti Allah lan Rasulullah, sebab lantaran trisno niku wau saget angsal pitulung atau syafaate Kanjeng Nabi. 

Jamaah Jumat Ingkang Bahagio

Trisno teng hadis meniko dados syarat utama kagem sinten kimawon ingkang ngajeng-ngajeng syafaat, kranten saking trisno saget ngelembutaken ati, ngerubah tindak lampah olo dados becik, ndandani lahir batine, bahkan saget nyadaraken tiyang ingkang ahli maksiat cepet-cepet taubat.

Tondo-tondone tiyang trisno marang Kanjeng Nabi niku saget dipun tengeri bilih piyambake remen maos sholawat, ngenut akhlak mulyone Kanjeng Nabi, ugi nebihi perkawis ingkang dipun sengiti Kanjeng Nabi, ngelampahi perkawis ingkang dipun remeni Kanjeng Nabi. Kanjeng Nabi dawuh:

أَكْثِرُوْا عَلَيَّ مِنَ الصَّلاَةِ يَوْمَ الجُمْعَةِ وَلَيْلَةِ الجُمْعَةِ ، فَمَنْ فَعَلَ ذَلِكَ كُنْتُ لَهُ شَهِيْدًا وَشَفِيْعًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ

Artosipun: Ngakehno solawat marang ingsun ing dino Jumat lan malam Jumat, sopo wonge ngelampahi, mongko ingsun bakal dadi saksine lan nyafa’ati ing dino kiamat (HR. Baihaqi)

Pramilo, monggo kito ngatahaken maos sholawat marang Kanjeng Nabi, kranten tiyang ingkang maos sholawat niku termasuk tiyang ingkang trisno marang Kanjeng Nabi lan bakal pikantuk syafaat mbenjeng wonten dinten kiamat.

Mugi-mugi Gusti Allah paring pitulung dumateng kito supados ajeg maos sholawat marang Kanjeng Nabi, lan mugi-mugi kito dipun catet dados umate Kanjeng Nabi ingkang pikantuk syafaat lan mlebet surgo kelawan tanpo dihisab. Amiiin.

 ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ : ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ إِنَّ ٱلْإِنسَٰنَ لَفِى خُسْرٍ ، إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوْا بِٱلْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِٱلصَّبْرِ

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved