Seputar Islam
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 29 November 2024, Pilihan Terbaik dan Ada PDFnya Unduh Disini
Berikut ini akan disajikan materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa edisi 29 November 2024 yang penuh makna dan berkesan untuk dibagikan pada Jemaah Sholat J
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Artosipun: Misuhi wong Islam iku kalebet penggawe fasik lan mateni wong Islam iku penggawe kufur (HR al-Bukhari).
Maksud misuhi wonten hadits meniko tegese ngelaknat tiyang muslim soho ndungaaken keawonan supados ditebihaken saking kesaenan lan rahmate Gusti Allah. Misale: mugo-mugo Allah ngelaknati siro, siro keno laknat, siro pantes keno laknat. Ucapan kados mekaten kalebet penggaweane tiyang fasik lan duso ageng.
Padahal Kanjeng Nabi sampun dawuh:
لَيْسَ الْمُؤْمِنُ بِالطَّعَّانِ وَلَا اللَّعَّانِ وَلَا الْفَاحِشِ وَلَا الْبَذِيءِ
Artosipun: Tiyang mukmin kang sempurno imane niku mboten ahli nyacat, mboten ngelaknat, mboten ngucap olo, lan mboten ngucap jember (HR. Tirmidzi)
Hadis meniko jelas sanget bilih ucapan olo kados misuh lan sakpitunggalane dipun larang agomo lan mboten nggambaraken tiyang mukmin kang sempurno. Amergi Islam mboten ngajaraken kajemberan, ananging ngajaraken akhlak mulyo lan ucapan ingkang mboten ngelarani sedereke utawi tiyang lintu.
Hadirin Ingkang Bahagio
Saking pepertelan kasebat, ucapan lan tindak lampah ingkang nyebabaken tiyang lintu atine loro, jengkel kedah dipun tebihi. Kados pundi supados saget ngerumiyinaken mikir-mikir sakderenge ngucap. Keranten naliko ucapan sampun medal, mongko bakal angel dipun tarik malih.
Kanjeng Nabi dawuh:
المُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُوْنَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ
Artosipun: Muslim kang sempurno imane yoiku wong kang iso nyelametaken muslim liyane saking gangguan lisan dan tangane (Muttafaqun ‘alaih).
Pramilo, ampun ngantos kito ngino lan misuhi tiyang, termasuk wonten media sosial, langkung-langkung bade pilihan pemimpin negoro, pemimpin deso. Kito kedah njagi ucapan kanti tenanan. Amergi katah sanget kedadosan tiyang ingkang sami muslime ananging remen ngino lan misuhi calon pemimpin lintune.
Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan pitulung lan istiqomah saking Gusti Allah anggene ngelampahi kesaenan lan saget nebihi ucapan olo, mboten misuh, mboten caci-maki dateng sinten kimawon. Amiin.
اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِن رَّحْمَةِ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Tribunsumsel.com
Doa Mohon Ampunan Dari Dosa Zina, Teks Arab dan Latin, Beserta Terjemahan Lengkap |
![]() |
---|
13 Hadits Tentang Hati atau Qolbu Lengkap Tulisan Arab dan Arti |
![]() |
---|
Kumpulan Dalil Alquran dan Hadits Kewajiban Suami Memperlakukan Istri dengan Kasih Sayang |
![]() |
---|
Doa Saat di Kota Madinah, Doa Masuk Masjid Nabawi, Ziarah ke Makam Nabi hingga Meninggalkan Madinah |
![]() |
---|
Materi Khutbah Jumat Singkat Bahasa Sunda Edisi 10 Oktober 2025, Tentang Menghargai Waktu |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.