Seputar Islam

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 1 November 2024, Khidmat dan Menyentuh, Tersedia PDF

Berikut akan disajikan materi Khutbah Jumat terbaru dalam Bahasa Jawa edisi 1 November 2024 yang penuh khidmat dan menyentuh untuk referensi. Tersedia

Tribunsumsel.com
Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 1 November 2024, Khidmat dan Menyentuh, Tersedia PDF 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan materi Khutbah Jumat terbaru dalam Bahasa Jawa edisi 1 November 2024 yang penuh khidmat dan menyentuh untuk referensi. Tersedia juga dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui link tautan dibawah ini.

______________

"Pentinge Ngatahaken Maos Istighfar"

Khutbah I:

اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ

Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Monggo kito ningkataken taqwa dumateng Gusti Allah, ajrih dumateng ngersanipun Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Supados kito sedoyo pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhirat.

Setunggale tindak lampah ingkang kalebet taqwa nggih meniko maos istighfar utawi nyuwun pengapuro dumateng Gusti Allah. Wonten surat al-Anfal 33 dipun dawuhaken :

وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ
 
Artosipun: Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine siro (Muhammad) ono ing tengah-tengahe wong-wong iku. Lan Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine wong-wong iku podo gelem Istighfar (njaluk ngapuro) 

Ayat meniko negesaken bilih tiyang ingkang ajeg maos istighfar, ngatahaken maos istighfar, sami kaliyan dipun tebihaken saking siksane Gusti Allah, amergi tiyang kolo wau estu nyuwun ngapuro marang Gusti Allah lan mboten bade mbaleni maksiat.

Maasyirol Muslimin Ingkang Bahagio

Lajeng ayat kasebat ugi paring piwulang dumateng kito bilih ngatah-ngatahaken maos istighfar lan shalawat minongko sarono ingkang sae lan saget dados enggal-enggal tumurune pitulungan saking Gusti Allah. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:

وَقَالَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أكْثِرُوْا مِنَ الْاِسْتِغْفَارِ، فَمَنْ أَكْثَرَ مِنْهُ جَعَلَ الله لَهُ مِنْ كُلِّ غَمٍّ وَهَمٍّ فَرَجًا وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ

Artosipun: ngakeh-akehno siro kabeh moco istighfar, sopo kang ngakehne moco istighfar, mongko Allah bakal paring kajembaran saking saben-saben karupekan, kasusahan, lan Allah bakal paring rezeqi kang ora kasongko.

Dawuh meniko negesaken bilih maos istighfar saget ngudari kesusahan, kesumpekan lan mbuka dalan rezeki. Sinten kimawon ingkang purun ngelampahi maos istighfar, insyaallah bakal pikantuk rezeki ingkang jembar lan berkah.

Halaman
12
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved