Seputar Islam
Contoh Teks Khutbah Jumat Terbaru dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Khidmat Untuk Referensi
Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah, Monggo tansah sami netepi taqwo lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kito , rame ut
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Hadis kasebat menawi dijelasaken nggadahi tigo pesen penting: Setunggal, takwo dumateng Gusti Allah. Kalih, nyusuli penggawe olo kelawan penggawe sae. Ketigo, sesrawungan kaliyan manungso lintu kanti sae.
Setunggale ulama dawuhaken bilih hadis meniko cekak aos, ringkes anangis padet maknone. Keranten lafal takwo ngewakili sedoyo tindak lampah ibadah kawulo dumateng Gusti Allah lan nebihi cecegahipun, lajeng sinten kimawon ingkang nindaaken taqwo, mongko kalebet minal muttaqin.
Umar bin Abdul Aziz dawuh: ora aran takwo marang Gusti Allah niku ngelampahi poso lan sholat wengi, ananging takwo niku ninggal perkawis ingkang dipun haromaken Allah lan ngelampahi perintahipun. Sinten kimawon ingkang pinaringan kesempatan ngelampahi kesaenan sak mantune nindaakaen perintah lan ninggal larangan, mongko niku dipun wastani nindaaken kesaenan tumuju marang kesaenan.
Hadirin Ingkang Minulyo
Maksudipun “nyusuli keawonan kelawan kesaenan” dipun pertelaaken bilih tindak lampah awon ingkang medal saking kito sedoyo supados inggal dipun susuli kelawan tindak lampah sae. Kados istighfar, sodaqoh, shalat lan tindakan sae lintu. Kanjeng Nabi dawuh:
لِكُلِّ دَاءٍ دَوَاءٌ وَدَوَاءُ الذُّنُوْبِ الْاِسْتِغْفَارُ
Artosipun: Saben penyakit niku wonten obate, lan obate piro-piro duso niku istighfar utowo nyuwun ngapuro marang Gusti Allah (HR. Ad-Dailami).
Saking age-age utawa inggal nyusuli keawonan kelawan istighfar lan sodaqoh meniko akhiripun tindak lampah awon saget kalebur lan mboten maringi wekas wonten njeroning ati. Amergi menawi tasik wonten wekas keawonan ing njeroning ati, mongko biasane bakal balik ngelampahi keawonan malih.
Saklajengipun maksud “lan gaweyo pekerti bagus marang manungso” nggih meniko serawungan lan pertepungan amal kaliyan masyarakat kelawan pekerti ingkang sae. Kados dene mboten ngelarani, mboten ngapusi, remen silaturahim, tulung-tinulung, lan sakpitunggalane.
Kanjeng Nabi dawuh:
أَكْمَلُ الْمُؤْمِنِينَ إِيمَانًا أَحْسَنُهُمْ خُلُقًا
Artosipun: Tiyang mukmin ingkang paling sempurno imane yoiku ingkang paling bagus akhlake. (HR. Abu Dawud)
Pramilo, monggo kito sareng-sareng merhatosaken dan nindaaken tigo pesen saking Rasulullah kanti ndedungo marang Gusti Allah supados tansah pinaringan kekiatan, ajeg, sregep anggenipun ngelampahi takwo, istighfar lan tumindak becik marang liyan. Akhiripun, kito sedoyo saget nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat. Amiin.
أعوذ بالله من الشيطن الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم، وَالْعَصْرِ, إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ , إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Contoh Khutbah Jumat Rabiul Akhir
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Lengkap Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Tribunsumsel.com
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Teks Khutbah Jumat Menyentuh Hati
Materi Khutbah Jumat Bahasa Sunda Edisi 10 Oktober 2025, Khidmat dan Bermakna untuk Referensi |
![]() |
---|
Doa Mohon Ampunan dan Kesembuhan, Teks Arab, Latin dan Terjemahan |
![]() |
---|
Tangan di Atas Lebih Baik dari Tangan di Bawah, Makna Hadits dan Contoh dalam Kehidupan Sehari-hari |
![]() |
---|
Maksud Fitnah Lebih Berbahaya dari Pembunuhan, Al Baqarah Ayat 191, Wal Fitnatu Asyaddu Minal Qatli |
![]() |
---|
Arti Inna Akthara Khataya Ibni Adam Fi Lisanihi, Hadits Kebanyakan Dosa Manusia Disebabkan Lidahnya |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.