Seputar Islam

Contoh Teks Khutbah Jumat Terbaru dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Khidmat Untuk Referensi

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah, Monggo tansah sami netepi taqwo lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kito , rame ut

Tribunsumsel.com
Contoh Teks Khutbah Jumat Terbaru dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Khidmat Untuk Referensi 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan contoh naskah Khutbah Jumat terbaru dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan menyentuh hati untuk dibagikan kepada sesama jamaah sholat Jumat.

________

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Tigo Pesen Penting Saking Rasulullah"

Khutbah I:

 اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَمَرَناَ أَنْ نُصْلِحَ مَعِيْشَتَنَا لِنَيْلِ الرِّضَا وَالسَّعَادَةِ، وَنَقُوْمَ بِالْوَاجِبَاتِ فِيْ عِبَادَتِهِ وَتَقْوَاهْ، وأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ مَنْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمّا بَعْدُ  فَيَا عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللَّهِ, فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى وَخَابَ مَنْ طَغَى , قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. يَا أَيُّهَا الّذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah

Monggo tansah sami netepi taqwo lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kito , rame utawi sepi, terang-terangan utawi rahasia, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi cecegahanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking ngersane Gusti Allah.

Gusti Allah dawuh:

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا

Artosipun: Hei, wong-wong kang podo iman, takwaho siro kabeh marang Gusti Allah, lan podo ngucapo kanti ucapan kang bener (Al-Ahzab: 70)

Wonten setunggale hadis, kanjeng Nabi dawuh:

اتَّقِ اللَّهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحسنةَ تَمْحُهَا، وخَالقِ النَّاسَ بخُلُقٍ حَسَنٍ

Artosipun: Wediyo siro kabeh marang Gusti Allah ono ing endi wae siro manggon, lan susulono keawonan kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku iso nglebur keawonan, lan gaweyo pekerti bagus marang manungso. (HR. Tirmidzi)

​​​​​​​Takwo dipun wastani ajrih dumateng Gusti Allah, keranten saking sifat ajrih saget nukulaken raos tunduk, ngabekti ngantos trisno lan celak marang Gusti Allah.

Para Sederek Muslimin ingkang minulyo

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved