Seputar Islam
Contoh Naskah Khutbah Jumat Maulid Nabi Bahasa Jawa, Edisi 13 September 2024 Beserta LINK PDFnya
Berikut akan disajikan materi Khutbah Jumat bertemakan Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa edisi 13 September 2024, yang singkat dan menyentuh hati, bisa An
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan materi Khutbah Jumat bertemakan Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa edisi 13 September 2024, yang singkat dan menyentuh hati, bisa Anda gunakan sebagai referensi. Tersedia juga dalam bentuk PDF, unduh melalui link dibawah ini.
- Unduh PDF: Naskah Khutbah Jumat (13/9/2024).
____
"Mangayubagyo Maulid Nabi"
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. سُبْحَانَكَ اللّٰهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَـمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن. أَمَّا بَعْدُ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ
Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo Baca Juga Alasan Pentingnya Memperingati Maulid (1) Monggo kito samiyo tansah netepi takwa dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo cegah, supados kito pikantuk rahmat lan kanugerahan, saking ngarsanipun Allah Ta’ala, Amin.
Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo, wulan meniko Rabiul Awal inggih Mulud, wulan ingkang mulyo, wulan wiyosan Dalem junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam.
Sejarahing manungso, kolo semanten. Kawontenan pagesangan ingkang tansah memengsahan lan sesatron, mboten nate wonten katentremaning gesang, masyarakat ingkang bodo lan terbelakang.
Bongso Arab kolo semanten, bongso ingkang adatipun remen nindes, ngrampas hakipun sanes, mendem mendeman, judi, ngabotohaken, sak pinunggalanipun.
Pengajakipun Kanjeng Nabi malah dipun adepi kanti sikap permusuhan dening masyarakatipun. Kados dawuhipun Allah ing Al-Qur’an:
ألاَعْرَابُ أَشَدُّ كُفْراً وَنِفَاقاً وَأجْدَرُ اَلَّايَعْلَمُوْا حُدُوْدَ ما اَنْزَلَ اللهُ عَلى رَسُوْلِه وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ
“Pancen wong-wong Arab iku banget kufure lan nifaqe lan memper menowo ora pada mangerti marang hukum-hukum kang diturunake Allah marang utusane, lan Allah iku Dzat Kang Maha Ngudaneni lan Maha Wicaksana.” (QS At Taubah: 97)
Wusanonipun Allah maringaken pitedah dateng bongso Arab kanti perombakan total, saking kawontenan ingkang kebak kemusyrikan dados ketauhidan, saking kesewenang-wenangan dados keadilan, saking masyarakat ingkang biadab dados masyarakat ingkang beradab, saking kebengisan lan penindesan dados kebak ing kawelasan, saking kekacauan dados kedamaian, saking memengsahan dados kerukunan lan katresnan, saking arogan dados kebak toleran, saking peteng ndedet lelimengan dados padang trawangan, saking kemunduran dados kemajuan, saking kesesatan dados keleresan, lestantun dumugi mongso sak lajengipun hingga titiwanci puniko.
Puniko sedaya jalaran kanugerahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kados dawuhipun ing surah Ali Imran:
لَقَدْ مَنَّ اللهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلاً مِنْ اَنْفُسِهِمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ أيَاتِه وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبلُ لَفِى ضَلاَلٍ مُبِيْن
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Maulid Nabi
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Khutbah Jumat Singkat dan Inspiratif
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Tribunsumsel.com
Teks Khutbah Jumat Menyambut Rabiul Awal 1446 H Tahun 2025, Singkat dan Mudah Dipahami |
![]() |
---|
Bacaan Doa Selesai Tahlil, Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Niat Qodho Sholat 5 Waktu, Subuh Sampai Isya, Teks Arab Latin dan Terjemahan |
![]() |
---|
Surat Al Kahfi 1-10, Amalan Malam dan Hari Jumat, Berikut Keutamaan Mengamalkan |
![]() |
---|
Cara Mengirim Yasin untuk Orang yang Sudah Meninggal Latin dan Artinya |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.