Seputar Islam
Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 12 Juli 2024 Tentang Muharram, Khidmat dan Tersedia PDF
Berikut adalah materi Khutbah Jumat edisi 12 Juli 2024 dalam Bahasa Jawa yang mengangkat tema tentang bulan Muharram 1446 Hijriyyah, singkat dan penuh
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Saking hadits meniko, kito tiyang muslim kedah noto niat sae anggenipun hijroh, keranten sedoyo tindak lampah ingkang angsal ganjaran agung meniko saking niatipun piyambak-piyambak. Kanjeng Nabi dawuhaken maknone hijroh nggih meniko:
الْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ وَالْمُهَاجِرُ مَنْ هَجَرَ مَا نَهَى اللَّهُ عَنْهُ
Artosipun: Tiyang muslim niku tiyang ingkang nyelametaken muslim lintu saking lisan lan tangane, tiyang hijroh niku tiyang ingkang ninggal larangane Gusti Allah. (HR. Bukhari)
Sakmangke wulan Dzulhijjah bade telas lan melebet wulan Muharram, setunggale wulan ingkang mulyo lan dados tahun barune umat Islam, tahun baru hijriah. Kito sedoyo dipun sunnahaken nindakaken amal kesaenan kados dene wulan mulyo lintu. Gusti Allah dawuh:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ
Artosipun: Saktemene itungane wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas wulan, miturut pepesten Gusti Allah ingdalem nalikane nitahaken langit bumi. Ing antawisipun wonten sekawan wulan mulyo (harom). Meniko pepesten agomo kang lurus. (Attaubat, 36)
Wulan-wulan harom dipun tafsiri Muharram, Rajab, Dzulqa'dah, Dzulhijjah. Imam Fakhruddin Arrazi ing tafsir Arrazi juz 16, halaman 53 mertelaaken makno “harom” niku saben tindak lampah maksiat ing wulan harom bakal dipun wales sikso gede, ugi tindak lampah kesaenan lan ibadah maring Gusti Allah bakal dipun wales ganjaran ingkang agung.
وَمَعْنَى الْحَرَمِ: أَنّ الْمَعْصِيَةَ فِيْهَا أَشَدُّ عِقَاباً ، وَالطَّاعَةُ فِيْهَا أَكْثَرُ ثَوَاباً
Artosipun: Makno harom niku tegese maksiat ing wulan meniko merkoleh sikso ingkang abot lan taat ing wulan meniko bakal merkoleh ganjaran ingkang agung.
Jamaah Jumat RahimakumulLah
Pramilo, ing wulan meniko monggo sami ningkataken amal kesaenan lan njungkung ibadah dumateng Gusti Allah, keranten wulan Muharram nggadah kautaman ingkang katah sanget. Ampun ngantos kito angguraken mboten wonten kesaenan babar pisan.
Abu Na’im ing kitab Hilyatul Auliya’ juz 9 halaman 269 negesaken:
مَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ فِي نُقْصَانٍ
Artosipun: Sopo wonge dino iki kahanane podo karo dino wingi, mongko piyambake wonten kekirangan
Monggo, hijroh ing wulan Muharram kedah dipahami ninggalaken perkawis ingkang awon, penggawe maksiat tumuju marang perkawis ingkang dipun perintah Gusti Allah lan nderek pituduh saking Kanjeng Nabi serto njagi guyub lan rukun. Mugi kito tansah pinaringan rohmat lan maunah saking Gusti Allah.
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Lengkap Khutbah Jumat Bahasa Jawa
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Isi Teks Khutbah Jumat
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Tribunsumsel.com
Bacaan Surat Yasin Sering Dibaca Pada Malam Jumat dan Acara Kegiatan Lengkap Arab Latin dan Artinya |
![]() |
---|
Kumpulan Doa Saat di Kota Suci Mekkah, Melihat Kabah, Memasuki Masjidil Haram & Meninggalkan Mekkah |
![]() |
---|
5 Doa Agar Cepat Hamil dan Memperoleh Keturunan, Tulisan Arab, Latin Arab dan Arti |
![]() |
---|
Kumpulan Amalan Doa Agar Diri Sendiri dan Pasangan tidak Selingkuh, tapi Saling Setia |
![]() |
---|
Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 10 Oktober 2025, Khidmat dan Penuh Makna Tentang Kesuksesan |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.