Seputar Islam
Naskah Khutbah Jumat Tentang Bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Makna, Ada PDF
Berikut ini akan disajikan naskah Khutbah Jumat tentang bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa yang singkat dan menyentuh hati, tersedia juga dalam format
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Lajeng menungso dipun angkat wonten darat lan laut kelawan nitih kendaraan kados unto, jaran, kapal lan sakpitungggalane.
Lan Gusti Allah paring rezeki saking bahan utawi sumber ingkang sae kados daharan lan inuman ingkang rupo lan jenise katah; legi, kecut, seger, lezat. Lan Gusti Allah paring kautaman kagem menungso tenimbang makhluk lintu wonten alam dunyo meniko.
Gusti Allah dawuh wonten surat at-Taubah, 36:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ
Artosipun: Saktemene wilangan wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas wulan, miturut pepestene Gusti Allah nalikane nyiptaaken langit lan bumi, ing antawisipun wonten sekawan wulan ingkang dimulyaaken.
Setunggale hadits Sahih Bukhari riwayat Abi Bakrah mertelaaken sekawan wulan ingkang mulyo:
عَنْ أَبِي بَكْرَةَ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ إِنَّ الزَّمَانَ قَدْ اسْتَدَارَ كَهَيْئَتِهِ يَوْمَ خَلَقَ اللَّهُ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضَ السَّنَةُ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ثَلَاثٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُو الْقَعْدَةِ وَذُو الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِي بَيْنَ جُمَادَى وَشَعْبَانَ
Artosipun: Riwayat saking Abi Bakrah saking Kanjeng Nabi, saktemene zaman iku muter koyok dene bentuk awale nalika Gusti Allah nyiptaaken langit lan bumi. Setahun iku ono rolas wulan, antawisipun ono sekawan wulan mulyo, telung wulane jejer urut, yakni Dzulqa’dah, Dzul hijjah, Muharram, lajeng setunggal wulan ingkang kepisah, wulan Rajab (mudor) ingkang dumawah antawisipun Jumadil Akhir lan Sya’ban.
Hadirin Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Sakmeniko kito wonten ing lebete wulan Dzulqa’dah, setunggale wulan ingkang kecatet mulyo lan dados wulan persiapan tumuju maring wulan haji (dzul hijjah).
Menopo wulan meniko dipun wastani mulyo? Kranten ing wulan meniko umat Islam sedoyo sami ninggal perang lan khusuk ibadah marang Allah.
Dzul qa’dah saget diwastani dzul qu’ud artose tiyang ingkang lungguh ninggalaken perang keranten sami bade ketungkul ibadah, nggih meniko ibadah haji. Pramilo dipun susul kaliyan wulan dzul hijjah. Gusti Allah paring dawuh ing surat Al-Baqarah ayat 197:
اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌ
Artosipun: Musim haji iku ono ing wulan kang dimaklumi (ditentuaken)
Setunggale peristiwa ing lebete wulan dzul qa’dah, nggih meniko Kanjeng Nabi ngelampahi umroh ngantos kaping sekawan. Meniko hadits saking Sahih Bukhari ingkang dipun riwayataken Sahabat Anas bin Malik:
Naskah Khutbah Jumat Bulan Dzulqadah
Khutbah Jumat Bulan Dzulqadah
Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Tribunsumsel.com
2 Materi Khutbah Jumat Menyambut Hari Kemerdekaan Edisi 8 Agustus 2025, Khidmat dan Berkesan |
![]() |
---|
Doa Menjenguk Orang Sakit Berdasarkan Hadist, Lengkap Tulisan Latin, Arti dan Cara Membacanya |
![]() |
---|
Sholawat Burdah Lengkap 10 Pasal dalam Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Bacaan Doa Sebelum dan Sesudah Bekerja Lengkap Tulisan Latin Serta Artinya |
![]() |
---|
Doa Sujud Sahwi Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Terjemahan Indonesia |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.