Idul Fitri

2 Contoh Kata Sambutan Acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024 Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dipahami

Berikut ini adalah 2 contoh kata sambutan acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa, singkat dan mudah dipahami. Bisa untuk acara di kanto

Tribunsumsel.com
2 Contoh Kata Sambutan Acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024 Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dipahami 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini adalah 2 contoh kata sambutan acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa, singkat dan mudah dipahami. Bisa untuk acara di kantor, instansi hingga organisasi tertentu.

____

Baca juga: Chord Gitar Lagu Heaven - Bryan Adams, Menggunakan Kunci Dasar Mudah Dimainkan Pemula

Baca juga: Lirik Lagu Bali, Sing Pait Sing Manis - Tri Puspa feat. Made Gunawan, Trending Musik di Youtube

Kumpulan Kata Sambutan Acara Halal Bihalal Bahasa Jawa

#Contoh Kata Sambutan Pertama

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabbarokatuh!

Ingkang kawula khurmati Bapak saha ibu Rusdi minangka ingkang kagungan kajat

Ingkang kawula khurmati para rawuh halal bihalal Trah Sura Manggala. Lan sedaya mitra panitia ingkang kawula tresnani

Sadereng mlebet dhumateng adicara inti, sumangga kita sesarengan sami ngonjukaken puji sarta raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.

Amargi namung kanthi sedaya rahmat lan kanugrhanipun kita sedaya saged nyawiji raos ing papan ngriki kagem ngestreni adicara Halal Bihalal Trah Sura Manggala kanthi tanpa wonten kekirangan setunggal punapa.

Kaping kalihipun mugi-mugi sedaya sholawat saha salam taksih katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat samangke.

Para rawuh ingkang tansah dipuntresnani Gusti Allah, ing dinten punika, ing kalodhangan ingkang bingah salebeting manah, tepangaken punika kula minangka ketua panitia, Burhanudin Salam badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan ingkang rawuh dhumateng adicara Halal Bihalal menika.

Salajengipun kula badhe ngucapaken sugeng riyadi 1444 H, mugi-mugi ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan kula dalah panjenengan sedaya tansah dipunapura dening Gusti Allah.

Saengga ing dinten menika kita saged kados bayi ingkang nembe mijil saking garbanipun ibunipun ingkang suci tanpa dosa.

Kita sedaya saged mangertosi bilih Halal Bihalal punika saged dados sarana kagem ngempalaken balung-balung sempal, saengga kita boten ngantos kepaten obor ingkang njalari kita kecalan sanak kadang.

Para rawuh ugi para sedherek ingkang kula tresnani, adicara Halal Bihalal menika kita bakal ngapura-ingapura dumateng liyan. Supados sedaya dosa lan kalepatan kita saged dipunapunten dening Allah SWT. Amin yarobal alamin.

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved