Bulan Ramadhan
4 Contoh Kultum Ramadhan 2024 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Berkesan Hanya 7 Menit
Berikut akan disajikan contoh naskah Kultum Ramadhan 1445 Hijriyah atau 2024 dalam Bahasa Jawa, yang singkat dan menyentuh hati hanya butuh 7 menit,
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan contoh naskah Kultum Ramadhan 1445 Hijriyah atau 2024 dalam Bahasa Jawa, yang singkat dan menyentuh hati hanya butuh 7 menit, cocok dijadikan referensi.
Baca juga: Doa Setelah Sholat Taubat Untuk Diri Sendiri Lengkap Bacaan Dzikir Arab, Latin Beserta Artinya
Baca juga: Amalan Doa Anak Sholeh dan Sholehah Sesuai Syariat Islam, Lengkap dan Mudah Dimengerti
___
Kumpulan Kultum Ramadhan Bahasa Jawa
Kultum Ramadhan #1
Monggo sami taqwo lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kito, rame utawi sepi, kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah, Amiin.
Wonten lebete poso wulan Ramadhan katah kesaenan ingkang saget diunduh. Miturut Al-Qur'an bilih hikmahe poso nggih meniko supados kito langkung taqwo dumateng Allah. Wonten surat al-Baqarah dipun dawuhake:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
Artosipun: "Hai wong-wong kang podo iman, diwajibake tumrap siro kabeh poso kang wis diwajibake tumrap wong kang sakdurunge siro, supoyo siro bertaqwa. (Al-Baqarah 183)"
Saking meniko kito ingkang sampun mbiasa'aken ibadah poso saben wulan Ramadan punika ampun ngantos poso kito namung ngempet dahar lan ngunjuk kemawon, nanging kedah saget nambahi taqwo kita dateng Allah.
Kranten katah tiyang ingkang ngelampahi poso namung angsal ngelak lan luweh, kranten mboten saget nggayuh hikmahe poso. Kanjeng Nabi dawuh:
عَنْ أَبِي هريرة قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّي اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ رُبَّ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إَّلا الْجُوْعِ وَرُبَّ قَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ قِيَامِهِ إِلَّا السَّهَر (رواه النسائي)
Artosipun: "Saking Abu Hurairah, Kanjeng Nabi dawuh, pinten-pinten tiyang poso mboten angsal ganjaran, kejobo luwe lan ngelak. Pinten-pinten tiyang sholat wengi mboten angsal ganjaran kejobo ngelilir wengi kemawon (HR An-Nasa'i)."
Milo, poso punika mboten namung ngempet ngelak lan luwe, ananging ugi nggulo wentah jasmani lan ruhani. Kelawan poso kito kedah ngelatih sabar, lan ngempet sedoyo kekarepan keenakan ingkang saget mengku doso ingkang dados kesenengane howo nafsu.
Pramila poso kita ampun ngantos namung nahan tutuk saking perkawis ingkang lumebet kemawon, ananging ingkang langkung penting nggih meniko njogo tutuk saking perkawis ingkang awon, kados guneman olo, adu-adu, rasan-rasan lan goroh.
Hikmah lintune, poso Ramadhan ndidik kita supados ningkataken sifat kumawula kanti amal ibadah soho amal sosial, kerono saklebetipun wulan Ramadhan kito mboten namung poso kemawon, ananging ugi ngatahaken ibadah kados shalat tarawih dalunipun, tadarus Al Qur'an, giyatipun pengaosan, mekaten ugi amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, ngabekti dateng tiyang sepuh, welas asih dateng sederek lan sanesipun, ingkang sedoyo wau saget kita raosaken, saget meningkat ketimbang wekdal sanesipun wulan Ramadhan.
Kultum Ramadhan Singkat Bahasa Jawa
Kultum Ramadhan 2024
Kultum Ramadhan 1445H/2024
Naskah Kultum Ramadhan
Kumpulan Teks Kultum Ramadhan
Tribunsumsel.com
| Lupa Bayar Zakat Fitrah, Apa yang Harus Dilakukan? Begini Penjelasan Ulama |
|
|---|
| Sahur Terakhir Ramadhan 1447 H/2026 Kamis 19 Maret atau Jumat? Ini Jadwalnya |
|
|---|
| Batas Akhir Bayar Zakat Fitrah 2026 Sampai Tanggal dan Jam Berapa? Ini Rincian Jadwalnya |
|
|---|
| Bacaan Doa Ramadhan Hari Ke-28, Lengkap Tulisan Latin dan Terjemahannya |
|
|---|
| Besaran Jumlah Zakat Fitrah 1447 H/2026 Beras dan Uang 17 Kabupaten/Kota di Sumsel |
|
|---|
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/sumsel/foto/bank/originals/4-Contoh-Kultum-Ramadhan-2024-dalam-Bahasa-Jawa-Singkat-dan-Berkesan-Hanya-7-Menit.jpg)