Seputar Islam

Isi Naskah Khutbah Jumat Jelang Puasa Ramadhan 2024 Bahasa Jawa, Khidmat dan Menyentuh, Tersedia PDF

Berikut akan disajikan isi naskah Khutbah Jumat jelang bulan Ramadhan 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan penuh makna, tersedia pula dalam f

Tribunsumsel.com
Isi Naskah Khutbah Jumat Jelang Puasa Ramadhan 2024 Bahasa Jawa, Khidmat dan Menyentuh, Tersedia PDF 

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

“Sing sapa nindakake shiyam ing sasi Ramadhan amarga iman lan ngarep-arep ganjaran, mula deweke bakal diparingi pangapura dosa-dosane kang wis klakon.” (HR. Al-Bukhari No. 38; HR. Muslim No. 760)

Wonten dawuh sanes, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh,

مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا، غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

“Sing sapa nindakake qiyamu lail ing sasi Ramadhan amarga iman lan ngarep-arep ganjaran, mula deweke bakal diparingi pangapura dosa-dosane kang wis klakon.” (HR. Al-Bukhari No. 2009; HR. Muslim No. 759)

Pangapurane Allah subhanahu wata’ala menika anugrah kang tansah diluru tiyang ingkang beriman, jalaran tiyang iman kalawau saget resik saka dosa-dosa sahingga gampil anggene mlebet jannah Allah subhanahu wata’ala.

Anugrah Kaping Tiga: Ganjaran Gedhe

Anugrah Raamadhan ingkang kaping tiga inggih punika ganjaran gedhe. Perlu dingertosi bilih ibadah pasa menika gadahi keistimewaan ingkang agung lan mboten enten dateng ibadah-ibadah lintunipun. Kados ingkang dipun dawuhaken kalian Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam,

كُلُّ عَمَلِ ابْنِ اٰدَمَ يُضَاعَفُ، الْحَسَنَةُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا إِلَى سَبْعمِائَة ضِعْفٍ، قَالَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ: إِلَّا الصَّوْمَ، فَإِنَّهُ لِي وَأَنَا أَجْزِي بِهِ، يَدَعُ شَهْوَتَهُ وَطَعَامَهُ مِنْ أَجْلِي

“saben amal becik anak adam bakal ditikelaken ganjarane. Siji kebecikan dibales sepuluh tikel ngantos pitungatus (700) tikel. Allah Ta’ala dawuh wonten ing hadits qudsi: Kejaba pasa, mergo sak temene pasa iku kanggo-Ku lan Aku langsung sing bakal bales, wong sing pasa ninggalna syahwat lan dhahar kerana Aku.” (HR. Muslim No. 1151)

Punapa sebab ibadah shiyam menika ganjarane gedhe tun dipun tikel, sebab Imam Nawawi njelasaken wonten kitabipun Syarh Shahih Muslim, “Keranten ibadah pasa menika tebih saking penyakit riya’ (pamer) utawi ngarep pujian menungsa.”

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,

Anugrah Kaping Sekawan: Dislametake saka geni Neraka

Anugrah Ramadhan ingkang kaping sekawan inggih punika dislametake saka geni neraka.

Halaman
1234
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved