Seputar Islam
Isi Naskah Khutbah Jumat Jelang Puasa Ramadhan 2024 Bahasa Jawa, Khidmat dan Menyentuh, Tersedia PDF
Berikut akan disajikan isi naskah Khutbah Jumat jelang bulan Ramadhan 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan penuh makna, tersedia pula dalam f
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
“He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)
Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,
Dumugi dinten menika kita sampun ngelampahi shiyam 25 dinten langkung, artosipun kita saya cedak kaliyan pungkasane ibadah shiyam ramadhan.
Mangga kita sami tansah ningkatake ibadah supados saget manggihi kamulyan lan anugerah agung saking ngarsane Allah subhanahu wata’ala.
Sak mbotene enten 5 anugrah kaggone tiyang kang tenanan nindakke shiyam sahingga shiyamipun menika ditampi dening Allah subhanahu wata’ala. Mangga para jamaah kita papak sareng-sareng.
Anugrah Kaping Sepindah: Sifat Takwa
Anugrah Ramadhan ingkang kaping sepindah inggih punika sifat takwa. Salah satunggaling cara kangge ngindhaaken takwa inggih menika nglampahi shiyam ramadhan. Jumbuh kaliyan dhawuhipun Allah subhanahu wata’ala wonten surat al-Baqarah ayat 183.
Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan,
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
“He wong-wong kang padha Iman, diwajibake tumrap sira pasa (ramadhan) kayadene kang wus diwajibake marang wong-wong sadurungira, supaya sira kalebu dadi wong kang Takwa.”
Ayat menika cetho lan jelas nerangaken bilih sinten kang nglaksanakaken shiyam kanthi sae kayadena kang wus dipun tuladhani Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam inggih punika mboten naming nilar dahar lan ngunjuk, ananging sedaya perkawis kang saget mbatalaken hukum wajibe shiyam lan ganjarane.
Utawi kawestanan shiyam jiwa lan raga, shiyam lahiriyah lan bathiniyah, yekti tiyang menika dados tiyang kang takwa dumateng Allah subhanahu wata’ala tiyang menawi sampun takwa mboten wonten balesan kejawi dilebetake jannah Allah subhanahu wata’ala.
Jamaah shalat Jumat ingkang dipun rahmati Allah,
Anugrah Kaping Kalih: Pangapura Dosa
Anugrah Ramadhan ingkang kaping kalih inggih punika pangapura dosa. Salah setunggale kekhususan ibadah shiyam nggih punika Allah badhe paring pangapura dhumateng tiyang ingkang nindakake ibadah menika kanthi ikhlas lillahi ta’ala. Allah njanjekaken badhe ngumbah sedaya dosa kula lan panjenengan kanthi maghfirahipun.
Naskah Khutbah Jumat Bulan Ramadhan
Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Isi Teks Khutbah Jumat
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Tribunsumsel.com
Khutbah Jumat Rabiul Awal Bahasa Sunda Edisi 29 Agustus 2025, Menyentuh dan Penuh Makna |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Maulid Nabi Muhammad SAW, Khidmat dan Menyentuh, Ada LINK PDF |
![]() |
---|
Doa dan Zikir Jumat Pagi, Lengkap Tulisan Arab, Latin Serta Terjemahannya |
![]() |
---|
Doa Nabi Ibrahim Setelah Membangun Ka'bah, Cocok Untuk Berangkat Haji dan Umroh, Arab Latin dan Arti |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Sunda 29 Agustus 2025, Tema Maulid Nabi Muhammad |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.