Seputar Islam
Naskah Khutbah Jumat Menyambut Bulan Ramadhan dalam Bahasa Jawa, Berkesan dan Tersedia File PDF
Berikut ini akan disajikan naskah Khutbah Jum'at bertemakan menyambut bulan suci Ramadhan yang penuh makna dan berkesan dalam Bahasa Jawa.
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
يـاأَيـُّهـَاالـنَّـاسُ قَــدْ أَظَـلَّــكُـمْ شَــهْـرٌ عَـظِــيْـمٌ مُـبــارَكٌ شَــهْـرٌ فِــيْـهِ لـَـيْـلَـةُ الْــقَــدْرِ خَـيْـرٌ مِـنْ ألــفِ شَــهْـرٍ, جَـعَـلَ اللـهُ صِـيـَـامَـه فَـرِيـْـضَـةً , وقـيــامَ لَـيْـلِـهِ تـَطَـوُّعـًا مَـنْ تَـقَــرَّبَ فـيـه بـِخَـصْـلَـةٍ مِـنْ خِـصـَـالِ الْـخـَيْر كَانَ كَـمَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً فِـيـمـا سِـوَاهُ و مَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً كَان كَـمَـنْ أَدَّى سَـبْعِـيْـنَ فَـرِيـْـضَـةً فـيـمـا سـواه ,هُـوَ شَــهْـرُ الـصَّــبْـرِ وَ الـصَّــبْـرُ ثـَواَبـُه الـجَـنّة ُ, وشـهــر الـمُـواسـاةِ وشـهــرٌ يـُــزَادُ فـيـه الـرِّزْقُ
Artosipun: He poro menungso, temen bakal mayungi siro kabeh sawijining wulan kang agung, kang dibarokahi, wulan kang ono sawijining wengi kang diarani Lailatul Qadar kautamane ngungkuli sewu wulan, Allah wis majibake poso ing wulan kuwi, lan disunatake shalat wengi ing wulan kuwi, sing sopo wonge taqarrub ngibadah amrih caket marang Allah ono ing sak sejerone wulan kuwi, kelawan ngamal ngamal ibadah sunnah mongko koyo nindakake ibadah fardlu ing sak jerone wulan liyane, lan sing sopo wonge ngibadah fardlu siji ing wulan Ramadhan, mongko koyo ngibadah pitung puluh fardlu ing wulan liyane, lan wulan Ramadhan iku wulan sabar, dene sabar iku ganjarane suargo, Ramadhan iku wulan kanggo asih-asihan, lan wulan Ramadhan iku mangsane ditambahi rizki. (HR. Ibnu Khuzaimah, Baihaqi).
Gusti Allah dawuh:
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ
Artosipun: Wulan Ramadhan, wulan sing nang njerone diturunaken Al-Qur'an ingkang dados pituduh kagem menungso lan njelasake piro-piro pituduh lan pembedo (antarane haq lan batil) (QS. Al Baqarah: 185)
Pramilo monggo kito sambut wulan suci meniko kanti manah bingah soho ridha, remen ninda’aken kewajiban saking ngarsanipun Allah.
Sebab bingah kimawon sampun ageng faedahipun. Setunggale hadits riwayat saking Imam Bukhari nyebataken:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Artosipun: Saking Abi Hurairah, kanjeng Nabi dawuh, sopo wonge poso wulan Ramadhan kanti iman lan golek ganjaran, mongko diapuro duso-dusone sing wis kliwat.
Saking hadits niki kito sami mangertosi bilih siyam Ramadhan pikantuk ampunan saking Allah meniko wonten kalih syarat:
1. Ngimani kanti yakin bab wajibe siyam Ramadhan, kito kedah yakin dateng dawuh Gusti Allah ingkang sampun paring janji kagem tiyang ingkang siyam Ramadhan.
2. Ngarep ganjaran wonten ngersanipun Gusti Allah, ikhlas anggenipun kito siyam mboten riya’(pengen dipuji)
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Kedah kito pahami maksudipun hadits kasebat bilih duso ingkang bade dipun ampuni inggih puniko duso ingkang alit, dene duso ingkang ageng mbetahaken taubatan nasuha.
Artosipun mboten sedoyo duso dipun ampuni gusti Allah, nopo malih duso ingkang kaitan kaliyan sami-sami menungso (hablun minannas).
Naskah Khutbah Jumat Terbaru
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Naskah Khutbah Jumat Bulan Ramadhan
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Tribunsumsel.com
Jadwal Puasa Ayyamul Bidh Bulan Agustus 2025 - Safar 1447 H Beserta Bacaan Niatnya |
![]() |
---|
Lafal Doa Sebelum dan Sesudah Baca Surat Yasin Malam Jumat, Lengkap Mudah Diamalkan |
![]() |
---|
Bacaan Surat Yasin Latin Mudah Dibaca Lengkap Artinya PDF, Ayat 1- 83 |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Hari Kemerdekaan, Tersedia File PDF |
![]() |
---|
Teks Sholawat Hayyul Hadi Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Bahasa Indonesia |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.