Seputar Islam
Naskah Khutbah Jumat 5 Januari 2024 Bertema Tahun Baru dalam Bahasa Jawa Penuh Makna, Tersedia PDF
Berikut adalah contoh naskah Khutbah Jum'at edisi 5 Januari 2024 dalam Bahasa Jawa bertemakan tahun baru yang penuh makna dan inspiratif. Tersedia pul
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Dawuh kasebat damel nggambaraken bilih panguripan ing dunyo niku mboten sejati, mboten langgeng, katah ngapusi. Pramilo, saking dawuh meniko saget dipun pahami sinten kimawon saget ngatahaken amal kesaenan damel sangu tumuju akherat.
Gusti Allah dawuh:
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ
Artosipun: Lan ora ingsun dadekno jin lan menungso kejobo supoyo podo nyembah marang ingsun (QS Adz-Dzariyat: 56)
Ayat kasebat jelas sanget bilih Gusti Allah nyiptaaken makhluk supados ibadah marang Gusti Allah. Ibadah niku saget manfaati kagem menungso piyambak, kados shalat, poso, haji, ugi sedoyo perkawis ingkang mbeto kesaenan lan maslahati.
Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Sakmangke kito bade mlebet taun baru, dintene tiyang sami bebungah kanti ngelampahi kesenengan piyambak-piyambak. Kito sedoyo kedah ati-ati, ampun ngantos tumut foya-foya sehinggo ngelamahi perkawis ingkang awon lan maksiat.
Yuswo ingkang kito nggadahi niki mboten saget balik ananging soyo sudo, berkurang ngantos akhire sedoyo kapundut, balik marang Gusti Allah. Pramilo kito sedoyo dipun perintah ningkataken amal kesaenan wonten wekdal kapanpun, termasuk taun baru.
Gusti Allah dawuh:
حَتَّىٰ إِذَا جَاءَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ رَبِّ ارْجِعُونِ ، لَعَلِّي أَعْمَلُ صَالِحًا فِيمَا تَرَكْتُ ۚ كَلَّا ۚ إِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَائِلُهَا ۖ وَمِنْ وَرَائِهِمْ بَرْزَخٌ إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ
Artosipun: Sehinggo nalikane pati wis nekani salah sijine wong kafir, mongko deweke ngucap, “Duh Gustiku, kulo nyuwun dipun balikaken marang dunyo, menowo kulo saget amal kesaenan ingkang kulo tilaraken”. Ora babar sisan, saktemene iku kalimat saking ucapane (wong kafir), lan ngarepe kaum kafir iku ono tembok kang ngalingi hinggo dino kiamat. (QS Al-Mu’minun: 99-100)
Pramilo, monggo wekdal taun baru kito gunaaken kagem ngelampahi perkawis ingkang manfaati, ngisi taun baru kaliyan muhasabah, amal sae, supados taun ingkang bakal dipun lampahi soyo berkah lan mbarokahi.
Setunggale dawuh saking Syekh Ahmad ibn Atha'illah as-Sakandari ing kitab al-Hikam:
رُبَّ عُمُرٍ اتَّسَعَتْ آمادُهُ وَقَلَّتْ أمْدادُهُ، وَرُبَّ عُمُرٍ قَليلَةٌ آمادُهُ كَثيرَةٌ أمْدادُهُ
Artosipun: Terkadang yuswo soyo dowo ananging mboten manfaati, lan terkadang yuswo pendek ananging katah manfaate.
Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan gangsar anggenipun ngelampahi kesaenan lan pikantuk pitulung saking Gusti Allah ingatase nebihi, ninggal perkawis awon lan maksiat. Amiin
Isi Naskah Khutbah Jumat Awal Tahun Baru
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Tribunsumsel.com
Kumpulan Hadits Hikmah Bersholawat, Diampuni Dosa, Dikabulkan Hajat Dikumpulkan di Surga |
![]() |
---|
Kumpulan Doa Saat Ikut atau Melihat Aksi Demonstrasi, Mohon Perlindungan Allah, Doa-doa Nabi Musa |
![]() |
---|
Catat Tanggalnya, Jadwal Puasa Senin-Kamis dan Puasa Ayyamul Bidh September 2025, Ada 11 Hari |
![]() |
---|
Doa Agar Dijauhkan dari Pemimpin yang Zalim, Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Artinya |
![]() |
---|
Arti Ayat Ya Ayyuhalladzina Amanu Shollu Alaihi Wa Sallimu Taslima, Perintah Allah untuk Bershalawat |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.