Seputar Islam

Isi Naskah Khutbah Jumat Edisi 24 November 2023 dalam Bahasa Jawa, Penuh Khidmat dan Ada File PDF

Berikut merupakan isi naskah Khutbah Jum'at edisi 24 November 2023, dalam Bahasa Jawa, khidmat dan inspiratif, tersedia pula bentuk PDF yang bisa diun

TRIBUNSUMSEL.COM
Isi Naskah Khutbah Jumat Edisi 24 November 2023 dalam Bahasa Jawa, Penuh Khidmat dan Ada File PDF 

Artosipun: sopo wonge ngakehno moco istighfar, mongko Allah bakal paring kajembaran saking saben-saben karupekan, kasusahan, lan Allah bakal paring rezeqi kang ora kesongko.

Lajeng istighfar saget ngelebur duso kados ingkang sampun Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuhaken:

قَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: لِكُلِّ دَاءٍ دَوَاءٌ وَدَوَاءُ الذُّنُوْبِ الْاِسْتِغْفَارُ

Artosipun: Nabi Muhammad dawuh, saben-saben penyakit iku ono obate lan obate duso iku istighfar. (Hadis niki dipun riwayataken Imam Ad-Dailami saking sahabat Ali).

Dawuh-dawuh kasebat negesaken bilih maos istighfar saget ngudari kesusahan, mbika rezeki lan dados obat saking penyakit nopo kimawon.

Sinten kimawon ingkang purun ngelampahi maos istighfar, insyaallah bakal pikantuk pengapuro lan rezeki ingkang jembar soho berkah.

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Maos istighfar kedah dipun sarengi niat ikhlas, kranten saking istighfar kito ngakoni sedoyo kalepatan marang Gusti Allah.

Lajeng dados tetenger kito sedoyo bali marang Allah. Gusti Allah dawuh:

وَأَنِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُمَتِّعْكُمْ مَتَاعًا حَسَنًا إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى وَيُؤْتِ كُلَّ ذِي فَضْلٍ فَضْلَهُ ۖ وَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيرٍ

Artosipun: Lan nyuwuno pengapuro siro kabeh marang Gusti Allah lan podo baliyo (taubat) marang Gusti Allah Allah, mongko Allah bakal maringi nikmat ingkang sae marang siro kabeh ngantos wektu kang ditentuaken, lan Allah bakal maringi kawulane ingkang mulyo kaliyan kamulyane. Lamun siro kabeh mengo (berpaling), mongko saktemen ingsun kuatir siro kabeh bakal disikso ing dino kiamat ( Q.S Hud: 3)

Ayat meniko njelasaken perintah kagem kito sedoyo menungso ingkang katah keluputan lan duso supados iling, ngakoni sedoyo tindak lampah awon.

Kranten sinten kimawon ingkang mboten nate nyuwun ngapuro sami kaliyan tiyang ingkang gumede, sombong, akhire dipun sikso mbenjeng dinten kiamat.

Hadirin Jamaah Jum’at rahimakumullah,

Waosan istighfar ingkang mashur nggih meniko “astaghfirullah al-adzim wa atubu ilaih”, ananging langkung sae maleh maos sayyidul istighfar:

Halaman
123
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved