Seputar Islam

Naskah Khutbah Jumat Hari Guru Nasional Bahasa Jawa Penuh Motivasi, Tersedia File PDF

Berikut merupakan isi naskah khutbah Jumat bertemakan Guru yang cocok dibaca saat memperingati Hari Guru Nasional 2023 dalam Bahasa Jawa. Bisa juga di

Tribunsumsel.com
Isi Naskah Khutbah Jumat Hari Guru Nasional dalam Bahasa Jawa Penuh Motivasi, Lengkap File PDF 

Ngambung tangane para ulama iku tumindak sing dianjurake. Amargi minangka wujud pakurmatan marang dheweke. Ing sawijining hadits diterangake:

عَنْ زَارِعٍ وَكَانَ فِيْ وَفْدِ عَبْدِ الْقَيْسِ قَالَ لَمَّا قَدِمْنَا الْمَدِيْنَةَ فَجَعَلْنَا نَتَبَادَرُ مِنْ رَوَاحِلِنَا فَنُقَبِّلُ يَدَ النَّبِيَّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَرِجْلَهُ – رَوَاهُ أبُوْ دَاوُد

Saking Zari’ nalika dheweke dadi salah sawijining delegasi saking suku Abdil Qais, dheweke dawoh, nalika kita teka ing Madinah kita enggal-enggal mudhun saka kendaraan, banjur kita ngambung tangan lan sikile Nabi Shallallahu ‘alaihi wasallam.” (HR Abu Dawud).

عَنِ ابْنِ جَدْعَانْ، قالَ لاَنَسْ: اَمَسَسْتَ النَّبِيَّ بِيَدِكَ قالَ:نَعَمْ، فقبَلهَا

“Saka Ibn Jad’an dheweke ngandika marang Anas bin Malik, apa sampeyan tau nyekel Nabi karo tangan iki? lajeng Anas ngendika: ‘Ya, banjur Ibnu Jad’an ngambung asthone Nabi” (HR Bukhari dan Ahmad)

Para sahabtpun juga mengikuti tradisi mencium tangan sahabat lain:

عَنْ صُهَيْبٍ قالَ: رَأيْتُ عَلِيًّا يُقبّل يَدَ العَبَّاسْ وَرِجْلَيْهِ

“Saking Shuhaib dheweke ngandika: Aku weruh sahabat Ali ngambung asthone sahabat Abbas lan sikile” (HR Bukhari).

Adhedhasar hadits-hadits ing nginggil, para ulama netepaken hukum sunnah ngambung asthone , ulama, guru-guru, tiyang-tiyang soleh lan tiyang ingkang kita hormati amargi agaminipun.

Imam Nawawi kados ingkang kapethik saking Ibnu Hajar al-Asqolani wonten ing Fathul Bari:

قالَ الاِمَامْ النَّوَاوِيْ: تقبِيْلُ يَدِ الرَّجُلِ ِلزُهْدِهِ وَصَلاَحِهِ وَعِلْمِهِ اَوْ شرَفِهِ اَوْ نَحْوِ ذالِكَ مِنَ اْلاُمُوْرِ الدِّيْنِيَّةِ لاَ يُكْرَهُ بَل يُسْتَحَبُّ

Imam Nawawi ngendika: ngambung asthone wong amarga zuhud, kashalihane, ilmune, utawa amarga jabatane ing agama iku tumindak sing ora dilarang, malah iku sunnah.

Mekaten meniko tradhisi sowan dating guru terus ngantos saniki. Para santri pancen percaya yen guru sing alim lan zuhud iku luwih cedhak karo Allah SWT tinimbang manungsa umume.

Mula para santri pancen ngarep-arep donga saking guru. Amargo pandonga iku luwih aji tinimbang segudang bandha. Mekaten ingkang dipun wastani tabarrukan dening tiyang awam.

Jama’ah Jumat Rahimakumullah.

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved