Seputar Islam
Naskah Khutbah Jumat Bertema Hari Pahlawan Nasional dalam Bahasa Jawa Tersedia File PDF
Berikut ini adalah contoh naskah khutbah Jum'at bertemakan Hari Pahlawan Nasional 2023 dalam Bahasa Jawa. Paling menyentuh, bangkitkan jiwa nasionalis
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Novaldi Hibaturrahman
Kedah kito mangertosi bilih poro pahlawan mbelo negoro niku cita-citane paring pengadem, tentrem dateng kito sedoyo supados saget ibadah kanti tenang, mboten dipun ganggu kaliyan penjajah.
Poro pahlawan ingkang netepi agomo Islam meniko kalebet syuhada fi sabilillah.
Katah sanget tupo tulodo ingkang saget kito pundut, ananging wonten kalih ingkang dados punjer, nggih meniko: Kiat nyekel prinsip lan sabar.
Kiat nyekel prinsip niku maksude mboten bade kabujuk kaliyan iming-iming dunyo lan howo nefsu, kados dene mboten gampang gawuk, nggumun pepahese dunyo ingkang saget ngerayu penggalihe sinten kimawon. Akhire ibadah marang Allah, berjuang syiar agamane Allah dipun tilar.
Pramilo, Gusti Allah dawuh:
فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْا ۚ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Artosipun: "Mongko jejego (istiqomaho) siro kados punopo ingkang sampun dipun perintahaken Allah, ugi wong kang wes bali (taubat) bareng siro lan ojo podo ngelanggar aturane Allah. Saktemene Gusti Allah iku dzat kang ngaweruhi punopo ingkang siro kabeh lakoni" (Hud:112)
Ayat meniko negesaken kito sedoyo supados nggadah prinsip agomo ingkang kiat tansah istiqomah ngelampahi ibadah sinaoso katah ujian, gudo, cubo ingkang sampun njelumprungaken tiyang katah.
Ampon ngantos kelelep kaliyan bujukane howo nafsu ingkang nyebabi supe kaliyan prinsip agomo ingkang dipun cekel.
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Tupo tulodo saklajengipun nggih meniko kedah sabar. Tegese sinten kimawon ingkang gesang wonten dunyo pasti ngadepi cubo lan ujian. Carane ngatasi ujian niku kaliyan sifat sabar.
Keranten tiyang ingkang sabar bakal pikantuk pitulung saking Gusti Allah. Kados ingkang sampun didawuhaken wonten surat Al-Baqarah, 153:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: "Hei, wong-wong kang podo iman, nyuwun tulungo siro kabeh kelawan sifat sabar lan sholat, saktemene Gusti Allah iku sertane wong-wong kang podo sabar"
Milo, kito sedoyo sami mundut tupo tulodo saking poro pahlawan arupi kiat nyekel prinsip lan sabar ingatase cubo. Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk pitulung lan ridlone Gusti Allah. Amiin.
Doa Agar Dijauhkan dari Pemimpin yang Zalim, Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Artinya |
![]() |
---|
Arti Ayat Ya Ayyuhalladzina Amanu Shollu Alaihi Wa Sallimu Taslima, Perintah Allah untuk Bershalawat |
![]() |
---|
Hadits Keutamaan Shalawat Baca 1x Dibalas 10x, Man Shalla Alayya Sholatan Wahidatan |
![]() |
---|
Khutbah Jumat Rabiul Awal Bahasa Sunda Edisi 29 Agustus 2025, Menyentuh dan Penuh Makna |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Maulid Nabi Muhammad SAW, Khidmat dan Menyentuh, Ada LINK PDF |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.