Seputar Islam

Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa, Edisi 27 Oktober 2023, Penuh Makna dan Inspiratif

Berikut ini merupakan contoh teks naskah khutbah jum'at bulan Rabbiul Akhir edisi 27 Oktober 2023. Tersedia dalam bahasa jawa, penuh makna dan inspira

Tribunsumsel.com
Naskah Khutbah Jumat Singkat dalam Bahasa Jawa, Edisi 27 Oktober 2023, Penuh Makna dan Inspiratif 

Kedah kito mangertosi bilih sakmangke wulan Sya’ban bade mantun, lajeng mlebet wulan Ramadan ingkang dipun ajeng-ajeng umat Islam.

Kito ampun supe muji lan syukur dumateng Gusti Allah, amergi sampun diparingi gangsar ngelampahi Sya’ban kelawan amal ibadah. Gusti Allah dawuh:

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ

​​​​​​​Artosipun: Lan ilingo, nalikane Gusti Allah paring maklumat: saktemene lamun siro kabeh podo syukur, mongko ingsun tambahi, lan lamun siro kabeh kufur, mongko saktemene sikso ingsun iku banget larane (Ibrahim: 7)

Tafsir Ibn Katsir mertelaaken bilih ayat meniko negesaken bilih syukur dumateng nikmat ingkang dipun paringi kaliyan Gusti Allah niku bakal dipun tambahi kenikmatane, kosok wangsule, sinten kimawon ingkang kufur nikmat, bakal dipun sikso.

​​​​​​​Lajeng ing tafsir Muyassar anggitane Imam Sa’di dipun sebataken:

وَالشُّكْرُ هُوَ اِعْتِرَافُ اْلقَلْبِ بِنِعَمِ اللهِ وَالثّنَاءُ عَلىَ اللهِ بِها وَصَرْفُهَا فيِ مَرْضَاةِ اللهِ تعالى

​​​​​​​Artosipun: Syukur niku pengakuane penggaleh marang nikmate Gusti Allah lan muji dumateng Gusti Allah lan nggunaaken nikmat ingdalem ridane Gusti Allah.

Jamaah Jumat Ingkang Pinaringan Kabegjan

Saking dawuh-dawuh kasebat, perlu kito niti pirso penggaleh piyambak; nopo kito sampun muji lan syukur ingatase nikmat-nikmatipun Gusti Allah?

Kito kedah ngatahaken ngucap alhamdulillah kanti dipun sarengi tindak lampah ingkang sae minongko dados raos syukur lan tetap nyuwun supados pinaringan gangsar ngelampahi poso ugo amal kesaenan ing wulan Ramadan, sinaoso tasik katah sanget tiyang ingkang supe nindaaken syukur.

Gusti Allah dawuh:

وَقَلِيلٌ مِّنْ عِبَادِيَ الشَّكُورُ

​​​​​​​Artosipun: Kedik banget saking kawulo ingsun ingkang akeh syukure (Saba’: 13)

​​​​​​​Mugi-mugi kito diparingi istiqomah saget syukur dumateng Gusti Allah lan kalebet tiyang ingkang remen muji dan syukur dumateng Gusti Allah, hinggo kecatet umate Kanjeng Nabi Muhammad ingkang minassyakirin. Amin.

Halaman
123
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved