Seputar Islam

Contoh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi Oktober 2023: Kawontenan Umat Akhir Zaman

Berikut ini merupakan contoh naskah Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa edisi Oktober. Paling menyentuh hati, bikin para jamaah berderai air mata. Cocok d

Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Abu Hurairah
Grafis MG Tribunsumsel.com/Dimas/Rafli
Contoh Naskah Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa Edisi Oktober 2023 Kawontenan Umat Akhir Zaman 

“urif sing bermegah-megahan iku nglirwakake sira nganti sira lumebu ing kubur.” (QS. At Takatsur: 1-2)

Pranyata akehe bandha, ora ora bias njamin lestari uripe. Nalika Allah nimbali dheweke ora ana sing bisa nyegah dheweke.

Dados griya ingkang kito mbangun, kados pundi kawontenan, sae utawi awon, kedah dipungsinakaken kangge ngibadah dumateng Allah, ugi dados papan panggenan kluarga, insya Allah mugi-mugi manfaat dateng alam kubur mengko.

Kita uga ora bisa nolak tresna marang arta-bandha, agama kita ora nglarang, anggere kita ora nglirwakake tuntunan agama.

Kalih ing babagan cara ngasilaken, kanthi makarya miturut aturan mu’amalah, lan kanthi cara ingkang sah, ugi ing pundi panggenan bandha.

Kasugihan ingkang kita pikantuk saking usaha kita nyambut damel mboten sakmesthinipun kagungan kita sedaya, ananging wonten hak kangge tiyang sanes ingkang kedah kita aturaken.

Pangandikane Gusti Allah:

وَالَّذِينَ فِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَعْلُومٌ * لِلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ *

“Lan wong-wong kang ing bandhane ana bagean tartamtu, kanggo wong-wong (miskin) sing njaluk lan wong-wong sing ora duwe apa-apa (sing ora gelem njaluk). (Al-Ma’arij: 24-25).

Bahkan Nabi Muhammad SAW ugi paring peringatan dateng tiyang-tiyang ingkang sugih:

ويـل لـلأغـنـيـاء مـن الـفـقـراء يـوم الـقـيـامـة يـقـولـون ربـنـا ظلـمـونـا حـقـوقـنـا التى فـرضـت عـلـيـهـم

“Bilai kanggone wong sugih, yen wong mlarat duwe hak marang awake dhewe. Ing dina kiyamat, wong-wong mau padha sambat marang Allah: “Dhuh Pangeran kawula, tiyang-tiyang ingkang sugih punika sampun nganiaya dhateng kawula, ngrampas hak-hak kawula, boten nindakaken kewajiban ingkang Paduka paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang sugih”.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Mugi-mugi Allah tansah paring hidayah, kekuatan iman, tansah emut dateng tugase awake dewe gesang wonten ing alam dunyo, tansah mituhu, nderek dawuh-dawuhipun Allah, ugi nderek daten tindak lampahe kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Mugi-mugi kita dipun paringi hasanah fiddunya ngantos akhirot…amin ya rabbal alamin.

Halaman
1234
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved