Seputar Islam

Contoh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi Oktober 2023: Kawontenan Umat Akhir Zaman

Berikut ini merupakan contoh naskah Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa edisi Oktober. Paling menyentuh hati, bikin para jamaah berderai air mata. Cocok d

Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Abu Hurairah
Grafis MG Tribunsumsel.com/Dimas/Rafli
Contoh Naskah Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa Edisi Oktober 2023 Kawontenan Umat Akhir Zaman 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini merupakan contoh naskah Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa edisi Oktober. Paling menyentuh hati, bikin para jamaah berderai air mata. Cocok dijadikan referensi.

Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa: "Kawontenan Umat Akhir Zaman"

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الْحَمْدُ لِلّهِ, الحمدُ للهِ حـَمْـدًا مُسْــتَـمِـرًّا عـَلىَ الـدَّوَامِ * أشـهـدُ ان لا اله الا الله وحدَهُ لا شـريكَ لَهُ شَـهَـادَةً تُـنْـجِى قَـائِـلَـهَـا يَـوْمَ الـزِّحـَامِ * وأشـهدُ أن محمدا عبـدُهُ ورسـولُه سَـيِّدِ الـعَـَربِ وَاْلـعَجـَمِ * اللّهـمَّ صَـلِّ وسَـلِّمْ على سـيِّدِنـَـا مُحمَّـدٍ شَــفِـيْعِ الْـخـَلْـقِ مِـنْ أَهْـوَالِ يَـوْمِ اْلـقِـيـَـامِ * وعلى ألـِهِ وَأصْــحـَابِهِ مَـادَامَـتِ الَّـليَـالُ وَالأَيَّـامُ * أمـَّا بَعْـدُ فَيَـا أَيُّها الإخـوان رَحِمَكُمُ اللهُ أُوْصِــيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُـفْـلِـحُوْنَ * وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ* بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * لَـتُـبْـلَـوُنَّ فِى أَمْـوَالِـكُـمْ وَأَنْــفُـسـِكُـمْ وَلَـتَسْــمَـعُـنَّ مِـنَ الـذيـنَ أُوتُـوا الْـكـتـابَ مِـنْ قَـبْـلِـكُـمْ

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kita soyo meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi daya amrih sedaya awisanipun saget kitho tilar, minongko dados tekad saha sarana kita sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kitho sedoyo kalebet kawula-kawula nipun Allh ingkang tansah tumidak sahe soho pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

“He wong wong kang pada iman, Pada wediyo siro kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran 102).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya! Sumangga kita sami migatosaken fenomena pagesangan ing jaman samenika, ingkang ndadosaken greget ngantos kathah tiyang, satemah nglalekaken jejibahan ingkang kedah dipun tindakaken.

Nabi Muhammad SAW nate ngramal kasunyatan iki kanthi dawuhipun:

سـيـأتى عـلى أمـتي زمـان يحـبـون الـخـمـس ويـنـسون الـخمـس يحبـون الـدنـيـا ويـنـسـون الأخـرة , ويحـبـون الـحـيـاة ويـنـسـون الـمـوت و يحـبـون الـقـصـور ويـنـسـون الـقـبـور, ويحـبـون الـمـال ويـنـسـون الـحـســاب , ويحـبـون الـخـلـق ويـنـسـون الـخـالـق

Bakal tumeka sawijining wektu tumrap umatku, ummatku seneng limang perkara lan nglirwakake limang perkara.

1. Padha tresna marang donya nganti lali marang akherat.
2. Padha seneng urip ing donya iki nganti lali mati
3. Padha tresna omah ing donya iki, nganti lali omah ing kuburan mengko.
4. Padha tresna marang bandane nganti lali marang petungan akhirat.
5. Padha tresna marang makhluk, nganti lali marang Dzat Kang Maha Kuwasa.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya!

Kemewahan ing urip pancen nggumunake, nggawe akeh wong lali marang awake dhewe.

Halaman
1234
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved