Seputar Islam

2 Naskah Khutbah Sholat Jumat Singkat Edisi 8 September dalam Bahasa Jawa, Lengkap

Kumpulan Naskah Khutbah untuk Sholat Jumat menggunakan Bahasa Jawa lengkap sebagai nasehat.

Penulis: M Fadli Dian Nugraha | Editor: Novaldi Hibaturrahman
scribd.com
Kumpulan Naskah Khutbah untuk Sholat Jumat menggunakan Bahasa Jawa lengkap sebagai nasehat. 

Keranten meniko, Islam sanget merintahaken dateng kito sedoyo supadhos gadhahi sikap peduli, remen bebantu dateng sesami, khususipun dateng anak yatim, fakir miskin, tiyang jompo, utawi ingkang nembe kenging musibah.

Gusti Allah dawuh wonten kitab suci Al-Qur’an:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُحِلُّوْا شَعَاۤىِٕرَ اللّٰهِ وَلَا الشَّهْرَ الْحَرَامَ وَلَا الْهَدْيَ وَلَا الْقَلَاۤىِٕدَ وَلَآ اٰۤمِّيْنَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرِضْوَانًا ۗوَاِذَا حَلَلْتُمْ فَاصْطَادُوْا ۗوَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَاٰنُ قَوْمٍ اَنْ صَدُّوْكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اَنْ تَعْتَدُوْۘا وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ

Artosipun: “Lan tulung-tinulungo siro kabeh ingdalem nglakoni keapikan lan ketaqwaan. Lan siro kabeh ojo sampe tulung-tinulung ingdalem nglakoni dosa lan maksiat . Wedhiyo siro kabeh maring Allah. Kerono setuhune Allah iku Dzat ingkang banget siksone.” (QS al-Maidah: 2)

Wonten ayat lintu gusti Allah dawuh:

وَٱلْمُؤْمِنُونَ وَٱلْمُؤْمِنَٰتُ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَآءُ بَعْضٍ ۚ يَأْمُرُونَ بِٱلْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ ٱلْمُنكَرِ وَيُقِيمُونَ ٱلصَّلَوٰةَ وَيُؤْتُونَ ٱلزَّكَوٰةَ وَيُطِيعُونَ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُۥٓ ۚ أُو۟لَٰٓئِكَ سَيَرْحَمُهُمُ ٱللَّهُ ۗ إِنَّ ٱللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ

Artosipun: “Lan tiyang-tiyang ingkang sempurno imane, kakung utawi estri puniko dados penolong setunggal dateng sanese. Saling merintah nglampahi kesaenan lan nyegah nglampahi kemungkaran.” (QS at-Taubah: 71).

Saking ayat-ayat meniko, kito sedoyo mangertos bilih tolong menolong dateng sesami, dateng sederek, dateng tanggi, utawi dateng fakir miskin, meniko perintahipun gusti Allah, ingkang menawi kito lampahi saget dados amal ibadah ingkang nyebabaken kito sedoyo pikantuk ganjaran utawi piwales suwarganipun Allah subhanahu wa ta’ala.

Kejawi meniko, sikap peduli dateng sesami, termasuk sifatipun tiyang-tiyang ingkang iman, ingkang dipun puji dateng Allah wonten ingdalem kitab suci Al Qur’an.

Kanti kito ngatahaken anggen tetulung dateng sesami, persaudaraan, kekompakan, ugi raos saling mbetahaken dateng sesami bade langkung kukuh lan kiat. Sehinggo muncul persatuan ingkang solid ingdalem tengah-tengah masyarakat. Keribetan soho masalahmasalah sosial ingkang kulo panjenengan adhepi ugi dados ringan lan gampil.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah. Keranten meniko, monggo kito tansah ningkataken anggen tetulung dateng sesami, kanti nguwataken iman dateng gusti Allah, ugi tansah bagusi anggen sesrawung dateng sesami.

Kejawi meniko, kito ugi kedah tansah rumaos bilih wonten dunyo meniko saling betahaken setunggal dateng sanesipun. Tebihi sifat-sifat iri , hasud, sombong , saling musuhan lan sifat-sifat ingkang saget ngrisak pasederean dateng sesami. Menawi kito terus berusaha kelawan coro ngajeng wau, insyaallah kito badhe ngraos enteng kagem bebantu.

Ingkang langkung penting malih, monggo kito ugi belajar ikhlas, ampun sampe anggen tetulung dipun sarengi raos riya’, ujub, utawi ngundat-undat. Kito usahaaken supados kito sedoyo meniko dados tiyang ingkang katah anggenipun paring manfaat dateng sesami. Kados dawuhipun Gusti Kanjeng Nabi Muhammad shallahu’alaihi wasallam:

ْم ِللَّناِسالَّناِس َأ ْنَف ُعُهَخْيُر

Artosipun: “Sakbagus-baguse tiyang inggih puniko, tiyang ingkang paling katah anggenipun pareng kemanfaatan dateng sesami.” (HR al-Qadha’i)

Halaman
1234
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved