Seputar Islam

Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 18 Agustus 2023 Bahasa Jawa, Penuh Makna dan Tersedia LINK PDF

Berikut contoh naskah Khutbah Jum'at dalam bahasa Jawa edisi hari ini 18 Agustus 2023, singkat dan penuh makna. Tersedia pula link PDF yang bisa di un

Tribunsumsel.com
Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 18 Agustus 2023 Bahasa Jawa, Penuh Makna dan Tersedia LINK PDF 

Artosipun: "Ngucapo siro (Muhammad), ora bakal mekenani marang kito kejobo nopo-nopo ingkang sampun dipun pastiaken Gusti Allah. Kagem kito, Gusti Allah niku Gusti ingkang nulungi kito, lan namung dumateng Gusti Allah, sedoyo mukmin kedah tawakkal." (Q.S At-Taubat [9]: 51).

Ayat kekalih puniko negesaken bilih sedoyo umat Islam kedah percados lan yakin kawontenanipun musibah niku sampun dipun pesti kaliyan Allah.

Kito sedoyo wajib pasrah, muhasabah lan mundut hikmah saking musibah niku. Kranten katah rahasia ingkang mboten saget disemerapi kaliyan makhluk.

Gusti Allah dawuh:

وَعِندَهُۥ مَفَاتِحُ ٱلْغَيْبِ لَا يَعْلَمُهَآ إِلَّا هُوَ ۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى ٱلْبَرِّ وَٱلْبَحْرِ ۚ وَمَا تَسْقُطُ مِن وَرَقَةٍ إِلَّا يَعْلَمُهَا وَلَا حَبَّةٍ فِى ظُلُمَٰتِ ٱلْأَرْضِ وَلَا رَطْبٍ وَلَا يَابِسٍ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مُّبِينٍ

Artosipun: "Ing ngersane Gusti Allah wonten kunci-kunci rahasia ingkang mboten saget dipun weruhi kejobo Gusti Allah piyambak. Gusti Allah ngaweruhi nopo mawon ingdalem daratan lan segoro. Lan mboten wonten godong ingkang dumawah kejobo Gusti Allah sampun weruh, lan mboten wonten wiji ingdalem njerohi bumi, lan mboten wonten teles ugi garing kejobo ingdalem pepesten ingkang pertelo." (Q.S Al-An’am [6]: 59).

Pramilo, sedoyo musibah utawi bencana wonten dunyo meniko mboten saget ucul saking kersane Gusti Allah, supados sedoyo kawulo sami imut, muhasabah lan mundut hikmahe.

Jamaah Jumat Ingkang Bahagio

Kedah kito mangertosi hikmah ingkang saget dipundut saking musibah inggih meniko:

1. Luweh paham ingatase tuntunan lan aturane agomo. Menawi saking musibah saget ndadosaken kito taqarub ilalLah

2. Imut bilih kito sedoyo menungso ingkang mbutuhaken pitulung, tulung-tinulung, sehinggo saget bersatu.

3. Imut bilih kito sedoyo makhluke Gusti Allah ingkang lemah lan mboten sempurno.

4. Kito sedoyo bakal wangsul marang Gusti Allah utawi kapundut

Akhiripun, kelawan lantaran musibah, kito sedoyo sami saget muhasabah, niti pirso awak kito bilih dunyo niku panggenane cubo, lan musibah.

Kranten dunyo sanes panggenan saklawase, kito kedah cancut taliwondo ibadah, takwo dumateng Gusti allah, tulung-tinulung lan ngisi kegiatan kanti sae ugi manfaat.

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved