Maulid Nabi Muhammad

Contoh Kata Sambutan Singkat Ketua Panitia Acara Maulid Nabi Muhammad SAW 2025 Bahasa Jawa

Assalamualaikum WR WB.Alhamdulillahilladi asalaa rasulihi bil huda, wadinilhaqqi liyadlhirahu aladdini kullihi fajaalahu syahida wamubassyira

TRIBUNSUMSEL.COM
Contoh Kata Sambutan Singkat Ketua Panitia Acara Maulid Nabi Muhammad SAW 2025 Bahasa Jawa 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan selengkapnya contoh Kata Sambutan Ketua Panitia acara Maulid Nabi Muhammad SAW 1447H/2025 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan mudah dipahami.

______

Kumpulan Kata Sambutan Ketua Panitia acara Maulid Nabi Muhammad SAW

Assalamualaikum WR WB.

Alhamdulillahilladi asalaa rasulihi bil huda, wadinilhaqqi liyadlhirahu aladdini kullihi fajaalahu syahida wamubassyira wa nadhira, Wa da'aiya ilallahi bi idnihi wa siroja munira. Waja'ala fihi uswatun khasanata liman kana yarjullahi wal yaumil akhir wadhakarallahu kastira. Allahumma sholli wasallim wabarik alaihi wa alaa alihi waman tabiahum biihsani ilal yaumiddin wafajaralahum yunabiar rohmati warridwana tafjiro

Wonten ngarsanipun poro alim ulama, poro sepuh pini sepuh, poro ibu nyai khususipun Ibu nyai Hj. Nur Hidayah ingkang kito tenggo-tenggo fatwa ugi maidhoh hasanahipun.

Ingkang kaulo hurmati ibu Nyai Hj. minhaturrahmah, ibu nyai Hj. Nayyiroh Akhid, Ibu nyai Hj. Lu'luah Faruq, Ibu nyai Hj. Hani Muksin lan sedoyo ibu nyai ingkang mboten saget kulo sebat setunggal demi setunggal ingkang tansah kulo takdhimaken.

Ibu kepala desa karas ibu Muntohiyah ingkang kulo hurmati, sedoyo tamu undangan, sedoyo hadir muslimat ingkang kawulo mulyaaken lan dioun mulyaaken dening Allah SWT. lan mboten kesupen adek-adek kaneman, ugi segenap panitia saking jamaah tahlil lan jamaahmushola al-amir ingkang kawulo banggaaken.

Sakderengipun kawulo ngelaksanaaken punopo ingkang dados tugas kawulo, langkung rumiyin monggo sareng-sareng muji syukur wonten ngarsodalem Allah SWT biqouli "Alhamdulillahirabbil alamin" dene menopo ngantos meniko Allah tasch maringi pinten-pinten kenikmatan, khususipun nikmat iman, islam lan kesehatan sehinggo wonten kesempatan siang meniko kito saget ngrawuhi majlis ingkang insyaAllah barokah, saperlu memperingati maulid Nabi Muhammad SAW kanti keadaan sehat wal afiyat tanpo alangan satunggal punopo

Saklajengipun sholawat ugi salam kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi agung Nabi Muhammad SAW, kanti ucapan "Allahumma solli alaa sayyidina muhammad" mugi-mugi kito sedoyo kalebet umatipun ingkang pikantuk syafaat fiddini waddunya ilal akhiroh, amiin amiin ya rabbal alamin.

Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hurmati

Kulo ting mriki minagkani talang atur saking panitia, sepindah ngaturaken matur nuwun sanget dumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun ngestuaken punopo ingkang dados undanganipun panitia. Mugi-mugi kerawuhan panjenengan wonten ing majlis meniko pikantuk ridho saking Allah SWT lan kecatet amalan saenipun.

Sak lajengipun kulo minangka wakil saking panitia ngaturaken matur nuwun sanget dumateng panjenengan atas sedoyo bantuan baik arupi material maupun non material. Panitia mboten saget bales punopo-punopo, namung saget dungaaken mugi-mugi Allah SWT bales kesaenan panjenengan sami kanti balesan ingkang sae lan sak kathah-kathahipun. "Jazakumullahu ahsanal jaza wa jazakumullah khoiron kastiron"

Mboten kesupen, ngaturaken maturnuwun kagem seluruh jamaah tahlil ugi seluruh jamaah mushola al-amir ingkang sampun mangayubagyo demi kelancaran acara meniko, mugi-mugi tansah kompak lan barokah anggenipun pengaosan rutin.

Ibu-ibu ingkang tansah dirahmati Allah

Ingkang terakhir, kawulo yakin bilih acara maulid Nabi Muhammad SAW meniko tentu kathah hal ihwal ingkang kirang nyocoki dumateng manah panjenengan sami, baik penyambutan, tempat utawi pasugatan. Pramilo kawulo minangkani wakil saking panitia nyuwun agunging pangapunten.

Halaman 1/2
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved