Seputar Islam
Teks Khutbah Jumat 9 Januari 2026 Bahasa Jawa Tema Bulan Rajab, Singkat dan Mudah Dipahami
Artikel ini berisi teks khutbah Jumat 9 Januari 2026 bahasa Jawa tema bulan rajab, singkat dan mudah dipahami.
TRIBUNSUMSEL.COM - Sampaikan khutbah Jumat edisi 9 Januari 2026 dalam bahasa Jawa menggunakan naskah dalam artikel ini.
Adapun judul khutbah Jumat dalam artikel ini adalah "Rajab, Wulane Perintah Sholat Limang Waktu"
KHUTBAH PERTAMA
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي أَصْلَحَ الضَّمَائِرَ ، وَنَقَّى السَّرَائِرَ ، فَهَدى الْقَلْبَ الْحَائِرَ اِلَى طَرِيْقِ أَوْلَى الْبَصَائِرَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الْعِزَّة وَالْبَصِيْرِ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه نَبِيُّ الْمُصْطَفَى الْفَقِيْر ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحمَّدٍ خَاتَمِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Monggo kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti tenanan, wonten panggenan pundi kimawon, rame utawi sepi, samar utawi terang, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan pengapuro saking ngerso Gusti Allah.
Shalawat serto salam mugi keaturaken dumateng junjungan kito, nggih meniko Kanjeng Nabi Muhammad soho keluargo lan sohabatipun ingkang dipun ibarataken rembulan lan lelintang. Saking Kanjeng Nabi Muhammad, kito sedoyo ngajeng-ngajeng syafaatipun mbenjeng wonten dinten kiamat.
Gusti Allah dawuh:
وَأَطِيعُوا۟ ٱللَّهَ وَأَطِيعُوا۟ ٱلرَّسُولَ ۚ فَإِن تَوَلَّيْتُمْ فَإِنَّمَا عَلَىٰ رَسُولِنَا ٱلْبَلَٰغُ ٱلْمُبِينُ
Artosipun: "Lan podo ta’ato siro kabeh marang Gusti Allah lan Rasulullah, lamun siro kabeh mengo (berpaling), mongko saktemene kewajibane utusan kito namung nyampaiaken (amanat Allah) kanti pertelo." (At-Taghabun, 12)
Ayat meniko negesaken bilih patuh dumateng Gusti Allah lan Rasulullah kedah dilaksanaaken. Poro Rasul sampun ngajak lan nyampaiaken risalah kagem sedoyo makhluk ing alam dunyo meniko. Lamun mboten wonten ingkang nderek dumateng Rasulullah, mongko saktemene bakal getunan lan nelongso.
Hadirin ingkang bahagio, Sakmangke kito bade melebet wulan Rajab ingkang mashur kaliyan keistimewaane tur katah ganjarane, keranten wulan meniko Gusti Allah nurunakaen rahmat lan ganjarane tanpo wates.
Pramilo Kanjeng Nabi paring contoh supados dedungo:
اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ
Artosipun: "Duh Gusti Allah, kulo nyuwun tambahe barokah ingdalem wulan Rajab, lan Sya’ban, lan kulo suwun dipun panggihaken kaliyan wulan Romadon."
Wulan Rajab dipun wastani Rajab, Mungguhe Imam Al-Hafiz Abu Hasan bin Muhammad Hasan al-Khalal (439 H) wonten ing kitab Fadhail Syahri Rajab mundut saking riwayat Anas bin Malik bilih Kanjeng Nabi dawuh:
قِيْلَ لِرَسُوْلِ اللهِ لِمَ سُمِيَ رَجَبَ؟ قَالَ: لأنَّهُ يُتَرَجَّبُ فِيهِ خَيْرٌ كَثِيرٌ لِشَعْبَانَ وَرَمَضَانَ
Artosipun: "Dipun tangletaken dumateng Rasulullah, punopo wulan Rajab dipun wastani Rajab?, Kanjeng Nabi dawuh: kerono ingdalem Rajab, kabeh amal dipun muliaaken kanggo nyambut wulan Sya’ban lan Romadon"
| Materi Khutbah Jumat Tema Qurban dan Lebaran Haji Edisi 15 Mei 2026, Penuh Makna dan Khidmat |
|
|---|
| Surat Yasin Lengkap 83 Ayat Terjemahan dan Latin, Mudah Dibaca |
|
|---|
| Arti Qod Aflaha Man Tazakka, Surat Al A'la Ayat 14-15, Kumpulan Dalil Tentang Zakat Fitrah |
|
|---|
| Tata Cara Mengirim Doa Yasin untuk Orang yang Sudah Meninggal Latin dan Artinya |
|
|---|
| 1 Syaban 1447 H Bertepatan Selasa 20 Januari 2026, Berikut Kalender Syaban, Ramadhan hingga Syawal |
|
|---|
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/sumsel/foto/bank/originals/Teks-Khutbah-Jumat-9-Januari-2026-Bahasa-Jawa-Tema-Bulan-Rajab-Singkat-dan-Mudah-Dipahami.jpg)