Seputar Islam

Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Edisi 22 Agustus 2025, Penuh Makna dan Menyentuh, Tersedia PDF

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

ILUSTRASI MENYAMPAIKAN KHUTBAH JUMAT - Berikut adalah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Edisi 22 Agustus 2025, Penuh Makna dan Menyentuh, Tersedia PDF

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh…

Wekdal sak meniko kathah kito pireng soho kito persani tiyang bunuh diri, wonten ingkang ajrih mati tuwin wonten ingkang wantun mati utawi cepet-cepet mati.

Wonten masalah meniko, kekalih ipun sami mboten beres. Setunggal, jalaran rumahos kathah doso lajeng ajrih pejah. Kalih, pengen cepet-cepet mati jalaran jiwonipun frustasi, mboten kranten kathahipun amal.

Kematian mboten perlu dipun khawatiraken tuwin dipun ajrihi, engkang kedah dipun khawatiraken meniko panggesangan sak bibaripun sedo.

Tiyang sedo engkang ngasto amal solih kathah, piyambak ipun bade bejo wonten ngarsonipun Alloh. Sak wangsulipun, tiyang sedo engkang mboten ngasto amal solih bade pikantuk bendu tuwin adzab saking Alloh. نعوذ بالله من ذلك

Proses kematian meniko setunggalipun proses ingkang kebak penderitaan. Setunggal Proses ingkang sedoyo manungso dados yakin bilih wekdal niku wancinipun menghadap Alloh ingkang rumiyen dipun ingkari. Alloh dawuh wonten al-Quran al-Karim:

كَلَّا اِذَا بلَغَتِ التَّرَاقِيَ. وَقِيْلَ مَنْ رَاقٍ. وَظَنَّ اَنَّهُ الْفِرَاقُ. وَالْتَفَّتِ السَّاقُ بِالسَّاقِ

“Eling, ari kolo wes tumeko ono ing goro’an. Lan wes diucapake (deneng wong-wong kang ono kiwo tengen e) sopo yo seng iso nyuwuk? Lan ari kolo wong kang arep mati mau yakin menowo wes arep pisah karo dunyo. Lan wentis wes tetemu karo wentis (jalaran payahe ngerasaake dicabut nyowo)”. (QS. al-Qiyamah: 26-29)

Bodo sanget, bilih wonten manungso ingkang dereng saget yakin bilih sak sampun ipun sedo bade dipun bangkitaken malih dateng akhirat.

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh…

Tiyang ingkang sampun sedo, sedoyo keluwargo tuwin bondo ingkang dipun remeni bade dipun tinggalaken, namung amal ingkang setia  ngrowangi (ngonconi). Rosululloh Muhammad saw dawuh:

يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلَاثٌ: أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ, فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى وَاحِدٌ. يَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ

“Tigang perkawis bade ngetutne mayit: keluwargo, bondo lan amale, kang loro bali lan kang siji tetep. Bali mulih keluwargo lan bondone, lan tetep ngancani amale”.

Tiyang ingkang kathah emutipun dateng kematian dipun golongaken kalian Rosululloh saw dados tiyang cerdik. Rosululloh SAW dawuh:

اَكْيَسُ النَّاسِ أَكْثَرُهُمْ ذِكْرًا وَاَشَدُّهُمْ اِسْتِعْدَادًا لَهُ, أُوْلَئِكَ هُمُ الْاَكْيَاسُ, ذَهَبُوْا بِشَرَفِ الدُّنْيَا وَكَرامَةِ الْآخِرَةِ

Halaman
123

Berita Terkini