TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tema Isra Miraj 1446H/2025 Penuh Makna dan Berkesan untuk dibagikan pada sesama muslim. Tersedia format PDF yang bisa Anda unduh melalui link tautan dibawah ini.
==========
"Israk Mi’raj Dalam Aspek Syariat Dan Hakikat"
Khutbah I
الخطبة الأولى
الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعَمٍ لَا تُحْصَى ، وسُبْحَانَ الَّذِيْ أَسْرَى بِعَبْدِهِ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى ، وعَرَّجَ بِهِ بِصُحْبَةِ جِبْرِيْلَ الْأَمِيْنِ إِلَى السَّمَاوَاتِ الْعُلَى ، أَشْهَدُ أنْ لَا إله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ذُوْ الْأَسْمَاءِ الْحُسْنَى ، وأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الْهُدَى ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا ومَوْلَانَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى ، وعَلَى آلِهِ وأصْحَابِهِ نُجُوْمِ الدُّجَى، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إلى يَوْمِ الْجَزَاءِ الْكُبْرَى ، أمَّا بَعْدُ :
أَمَّا بَعْدُ : فَيا أيُّها الْحَاضِرُوْنَ رحمكم الله ، اِتَّقُوا اللهَ تَعالى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Hadirin jama’ah Jumat rahimakumullah
Sumangga kita ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT. kanthi nindakake perintah-perintahipun ugi nebihi larangan-laranganipun, keranten namung kanthi cara punika kita badhe pikantuk kawilujengan wonten ing donya lan ing akherat.
Hadirin rahimakumullah
Kita sami mangertosi bilih wonten ing wekdal punika kita wonten ing wulan ingkang agung, inggih punika wulan Rajab, sebab wulan punika kalebet sekawan wulan ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT. Allah dawuh :
«إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ» الأية [التوبة/36]
Satemene cacahe sasi miturut Allah iku ana rolas sasi, kaya kang wus katetepake dening Allah nalika nitahake langit lan bumi, antarane rolas sasi iku ana patang sasi mulya.
Lan gegayutan kalian sekawan sasi mulya kasebat Nabi Muhammad SAW. dawuh:
«السَّنَةُ اِثْنَا عَشَرَ شَهْرًا ، مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ : ثَلَاثَةٌ مُتَوَالِيَاتٌ : ذُوْ الْقَعْدَةِ وَذُوْ الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِيْ بَيْنَ جُمادَى وشَعْبَانَ» صحيح البخاري1599