TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan contoh teks Khutbah Jumat Hari Santri Nasional 2024 dalam Bahasa Jawa yang berkesan dan penuh khidmat untuk dibagikan. Tersedia juga dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui link tautan dibawah ini.
- Unduh PDF Khutbah Jumat >>> [Klik Disini:]
_________
"Mangayubagyo Hari Santri"
Khutbah I
اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفٰى ، وَسَلاَمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلا ّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُه لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِه وِأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ, اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِه لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَاأَيّهَا الّذيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ اَللّٰهُمَّ اَصْلِحْ اُمَّةَ مُحَمَّدٍ صَلى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ. وَفَرِّجْ عَنْ أُمَّةِ مُحَمَّدٍ صَلى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ. وَارْحَمْ اُمَّةَ مُحَمَّدٍ صَلى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ. وَانْشُرْ وَاحْفَظْ نـَهْضَةَ الْوَطَنِ فِى الْعَالَمِيْنَ بِحَقِّ مُحَمَّدٍ صَلىَّ اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo
Mangga kito tansah nambahi ajrih lan takwa kito dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, sahingga kito kaparingan rahmat lan hidayah wusono bejo donya lan akhiratipun Amin.
Para sederek kaum Muslimin ingkang minulyo
Kaum santri wekdal puniko nedeng-nedengipun mangayubagyo Hari Santri Nasional (HSN).
Hari Santri meniko minangko momentum heroik, momentum bersejarah ingkang mbuktekaken katresnan dateng bongso lan bumi wutah rah kito, lan spirit nasionalisme kaum santri.
Semangat ingkang mekaten meniko awit dawuh Allah wonten Al-Qur’an:
لا اُقْسِمُ بِهذَا الْبَلَد. وَاَنْتَ حِلٌّ بِهذَا البَلَدِ
’’Yekti Ingsun sumpah demi bangsa iki (Makkah) lan siro (Muhammad) manggon ing bangsa Makkah ini.’’ (QS Al Balad: 1-2)
Kaum santri rikolo semanten kanti lilo legowo ngorbanake jiwo lan rogo, kanti semangat lan sikap konfrontatif nglawan kaum penjajah, mberat saking bumi pertiwi kangge nggayuh kamardikaning bangsa, awit agenging katresnan dateng bumi wutah rah puniko.
Berjuang ngantos titik darah penghabisan, nglabuhi bongso lan bumi pertiwi kanti sesanti semangat santri: Isy kariman au mut syahidan ’’Urip merdiko utowo mati mlebu suwarga.’’