Lampahan sanes inggih puniko muliaaken dinten lahiripun Nabi kalih tansah instropeksi dumateng diri piyambak-piyambak.
Wonten ing salah setunggalipun hadis, Kanjeng Nabi sampun ngendikan:
اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ
"Sira padha taqwaa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Imbangana pakartimu kang nistha kanthi tumindak becik, amargo kabecikan bakal hangganti kanisthan mau. Srawunga karo sapepadhané manungsa kanthi kelakuan kang becik.” (HR Tirmidzi ).
Saking hadis ing inggil, Nabi ugi ngemutaken dumateng kito sedoyo anggenipun tetep ngelampahi tumindak becik lan srawungan kanthi kelakuan kang becik.
Jamaah Jumah Ingkang Sami Mulyo....
Monggo kulo lan panjenengan kedah ngelaksanaaken perintahipun kanjeng Nabi lan niru perilakunipun, mila kados demen utami seneng marang Nabi.
مَنْ أَحْيَا سُنَّتِي فَقَدْ أَحَبَّنِي وَمَنْ أَحَبَّنِي كَانَ مَعِي فِي اْلجَنَّةِ
"Sopo wonge ngurip-ngurip/nglakoni sunnahku mongko persasat deweke wus demen marang aku, sopo wonge demen marang aku, mongko mbesok bareng karo aku neng swargo,".
Selajengipun, monggi kito nambah anggenipun ngamal sae, kados sayidina Abu Bakar, Umar, Ustman lan Ali, ingkang tansah nambah ngamal salami wulan rabiul awal.
Abu Bakar nate dawuh:"Sopo wonge infaq/sodaqoh duit sak dirham kanggo moco maulid Nabi mongko wong mau dadi koncoku mbesok ono ing swargo,".
Salajengipun, sayidina Ali ugi nate dawuh:"Sopo wonge ngagungaken dino lahire kanjeng nabi, lan dadi sebabe moco maulid nabi mongko wong mau ora bakal mati kejobo netepi iman lan bakal mlebu suwargo tanpo hisab,".
Pramilo, monggo kito sedoyo nambahi tresno marang Nabi Muhammad SAW nglangkungi maos sholawat lan nambahi amal sae ing wulan rabiul awal.
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم وَالْعَصْرِ. إِنَّ الإنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَاِيَّاكُمْ بِالْاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ فَاسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II