TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan contoh teks Khutbah Jumat tetang bulan Safar dalam Bahasa Jawa edisi 30 Agustus 2024, singkat dan khidmat untuk dibagikan pada sesama muslim.
__________
KHUTBAH JUMAT BULAN SAFAR
"Wulan Shofar Sanes Wulan Apes"
الْحَمْدُ لِلهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَاَعْطَانَا مَاعِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وِالْمُجَسَّمِ وَهِيَ الصِّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلاَمُ، أَشْهَدُ اَنْ لاَإِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اِلَى جَمِيْعِ الْعَالَمِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمّدٍ صَاحِبِ الظِّلِّ فِى الْغَمَامِ وَاَلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَۃِ الْكِرَامِ
اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Jamaah sholat Jum’at rahimakumullah
Monggo kito sareng-sareng ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun.
Supados kita sedoyo pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhirat. Gusti Allah sampun dawuh:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Artosipun: Hei poro menungso! Nyembaho marang pengeran siro kabeh kang wis nitahaken siro lan wong-wong sakdurunge siro kabeh, supoyo siro kabeh kalebet wong kang podo takwo. (Al-Baqarah:21)
Nyembah marang pengeran meniko arupi njungkung ibadah, ngelampahi perintah wajib utawi sunnah, kados sholat limang wektu, sunnah rawatib, poso lan sakpitunggalane.
Keranten nyembah marang pengeran niku sampun dilampahi poro umat sakderenge kito sedoyo.
Saking tindak lampah arupi ibadah meniko saget dipun derek supados kalebet umat ingkang takwa marang Gusti Allah.
Hadirin Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Wekdal sakmeniko kita pinaggih kaliyan wulan Shofar, wulan kaping kalih saking tahun hijriyyah. Dipun wastani kaliyan Shofar keranten bongso Arab rumiyen ngosongaken kegiatane.
Ugi wonten ing wulan kasebat, masyarakat naliko semanten sami ninggalaken daerahipun, sak perlu bidal perang utawi tindakan.