مَا أَحْسَنَ عَبْدٌ الصَّدَقَةَ إِلَّا أَحْسَنَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ الْخِلَافَةَ عَلَى تِرْكَتِهِ
Artosipun: Ora ono kawulo siji ingkang mbagusaken sodaqohe kejobo Gusti Allah ndandani gantine kanti luwih sae (Ibnu Mubarak)
Sodaqoh saget dilampahi kapan mawon lan ing panggenan pundi kimawon. Kranten sodaqoh saget nutup dalane keawonan. Kanjeng Nabi dawuh:
الصَّدَقَةُ تَسُدُّ سَبْعِيْنَ بَابًا مِنَ السُّوْءِ
Artosipun: sodaqoh niku saget mbuntu pitung puluh lawange keawonan (HR. Tabrani)
Saking hadis kasebat saget dipun pahami sareng-sareng, bilih sodaqoh niku nggadahi kautaman ganjaran ageng lan saget nutup dalan keawonan. Nopo malih sodaqoh niku saget damel nopo kimawon ingkang dipun nggadahi. Kanjeng Nabi dawuh:
مَنْ كَانَ لَهُ مَالٌ فَلْيَتَصَدَّقْ بِمَالِهِ
Artosipun: Sopo wonge nggadah bondo, mongko sodaqoho kelawan bondone
وَمَنْ كَانَ لَهُ عِلْمٌ فَلْيَتَصَدَّقْ بِعِلْمِهِ
Lan sopo wonge nggadah ilmu, mongko sodaqoho kelawan ilmune
وَمَنْ كَانَ لَهُ قُوَّةٌ فَلْيَتَصَدَّقْ بِقُوَّتِهِ
Lan sopo wonge nggadah tenogo, mongko sodaqoho kelawan tenogoe (HR. Anas bin Malik)
Hadirin Ingkang Sami Bahagio
Pramilo saking keterangan al-Quran hadis kasebat, monggo kito sami cancut taliwondo agawe sodaqoh kanti ikhlas, amergi sodaqoh niku mboten wonten syarat kedah sugih ananging tumindak sae arupi maringaken nopo ingkang dipun nggadahi. Menawi nggadahe ilmu kados dene poro guru ingkang remen ngajar, mongko sodaqohe niku kelawan ilmune dumateng murid-muride.
Mugi-mugi kito sedoyo saget ngelampahi agawe sodaqoh lan pinaringan pitulung saking Gusti Allah saget istiqomah sehinggo kalebet tiyang ahli sodaqoh tur ikhlas. Amiin.