Nebihi duso niku saget dipun wiwiti saking nebihi duso alit, ugi cepet-cepet disusuli kelawan taubat. Ampun ngantos mbiasaaken ngelakoni ngeremehaken duso alit lan supe taubat nasuha, kranten tiyang ingkang nyepeleaken duso alit lan inggal taubat nasuha, bakale kejlumprung marang duso gede. Contohe taubate tiyang dzolim dipun sebataken:
فَمَنْ تَابَ مِنْ بَعْدِ ظُلْمِهِ وَأَصْلَحَ فَإِنَّ اللَّهَ يَتُوبُ عَلَيْهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Artosipun: Sopo wonge taubat sakwise ngelakoni penggawe dzolim lan noto awake, mongko Gusti Allah bakal nompo taubate, saktemene Gusti Allah dzat kang akeh pengapuro tur welas asih (al-Maidah ayat 39)
Maksudipun ayat meniko, tiyang ingkang ngelakoni duso arupi penggawe dzolim lajeng taubatan nasuha lan mbagusi awake kelawan budi pekerti sae, mboten bade ngelarani tiyang babar pisan, mongko dusone dipun ngapuro Gusti Allah. Tapi duso dzolim niki kedah dipun sarengi nyuwun ngapuro marang tiyang ingkang dipun dzolimi riyen, amergi wonten haq adamiy.
Taubatan nasuha meniko artose taubat ingkang didasari raos ajrih, kapok, mboten bade ngelakoni babar pisan. Saking taubat nasuha puniko otomatis bakale saget gampil nebihi duso lan penggawe ngelarani tiyang lintu. Setunggale hadis Nabi riwayat Tirmidzi ngendika’aken:
ويُرْوى عَنِ النَّبِيِّ ﷺ أنَّهُ سُئِلَ أيُّ المُسْلِمِينَ أفْضَلُ؟ قالَ: مَن سَلِمَ المُسْلِمُونَ مِن لِسانِهِ ويَدِهِ
Artosipun: Dipun riwayataken saking Kanjeng Nabi, panjenenganipun ditangleti: Pundi tiyang Islam ingkang utomo?, Kanjeng Nabi dawuh, tiyang ingkang saget nyelametaken umat Islam saking ucapan lan kelakuane.
Hadirin Ingkang Minulyo
Hadis kasebat nggadahi makno bilih tiyang ingkang selamet nggih meniko tiyang ingkang mboten bade guneman olo, mboten adu domba, mboten nganioyo (dzolim) marang sederek muslim lintune. Tentune dipun sarengi taubatan nasuha.
Saking ayat lan dawuh kasebat saget kito pundut pesen agung: bilih kito sedoyo ampun ngantos ngeremehaken duso alit, ampun ngantos ngelarani tiyang, age-age inggal taubatan nasuha lan dipun sarengi nyuwun ngapuro.
Mugi-mugi kito sedoyo kalebet tiyang ingkang sregep ibadah, sregep nebihi duso dzohir batin, lan cepetan taubat sehinggo kito dados tiyang ingkang dipun tampi taubate kaliyan Gusti Allah. Amiin.
أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ . بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكمُ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيُم
Khutbah II:
إنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِىّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ