Bulan Dzulhijjah

Materi Khutbah Jumat 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Khidmat, Tersedia LINK PDF

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Materi Khutbah Jumat 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Khidmat, Tersedia LINK PDF

Sahinggo gamblang bilih syariat kurban puniko anggadahi manfaat ganda, hablun minallah minongko kumawulo kito, nuhoni dawuhipun Allah. Dene hablum minannas minongko amal sosial ingkang tumanduk dateng sesami.

Saking arah sanes, kurban estunipun ngengetaken manuso supados giat mbangun ekonomi ingkang sahe saho ndidik semangat pribadi lan jiwo sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan.

Sedoyonipun tentu katindaken kerono Allah lan namung murih dateng karidhanipun Allah.

Saking segi sanesipun berkurban puniko kinaryo sarono mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, soho sarono nyaketaken antawis tiyang ingkang sugih, lebih, luwih, lan ingkang miskin sarwo kekirangan, sahinggo mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun.

Menawi estu-estu saget nggadahi fungsi mekaten kurban meniko, tentu gesangipun manungso tansah tenang lan ayem tentrem.

Tiang-tiang miskin mboten nate rumaos kesio-sio lan ino, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahinggo mboten cemas ngadepi pagesangan puniko.

Mekaten ugi ingkang sugih, mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun mengsahi dening tiyang miskin.

Sahinggo ugi mboten nate wonten raos nindes lan nganingoyo dateng fakir miskin, malah trisno lan welas asih ingkang tansah tuwuh ing manahipun.

Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli pribumi, sedoyo tansah gesang berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun:

لِلْفُقَرَاۤءِ الْمُهٰجِرِيْنَ الَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَاَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانًا وَّيَنْصُرُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَۚ

“Tumrape wong-wong fekir kang podo hijrah kang diusir songko desane lan bandane, lan kerono murih kanugerahan lan karidhan songko Allah, lan wong-wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane. Ya wong-wong kang koyo mengkono kuwi kang pada bener.” (QS Al-Hasyr: 8)

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
وَللهِ اْلحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah

Mekaten antawisipun hikmah anggenipun dipun syariataken ibadah kurban, minongko ibadah raos kumawulo dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minongko amal berdimensi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfaatipun dining sesamining manungso.

Menawi syariat puniko saget kaleksanaken kanti sae, tentu sedoyo umat Islam bade ngraosaken lan nekseni kaagunganipun syariat agami puniko.

Bilih syariat agami kito puniko tansah mbekto dateng keseimbangan antawis perkawis kalih hablum minallah lan hablum minannas, antawis duniawi lan ukhrawi, mekaten ugi sanget ngormati dateng akal, njagi katenangan jiwa lan jasmani, sahinggo bade sampurno kebahagiaanipun manungso.

Mugi-mugi Allah maringaken hikmah saking ibadah kurban puniko. Sahinggo poro kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten Riyoyo Kurban puniko.

Soyo gumbregah nindakaken taat ibadah dateng Allah taala, lan ugi ibadah sosial remen tetulung lan welas asih dateng sesami, kangge nggayuh kabekjaning gesang donya lan akhirat.

اَللهُ أَكْبَرُ
وَللهِ اْلحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah

Kito nindakaken ibadah kurban kerono nderek tindakipun bapa kito Nabi Ibrahim, Allah dawuh:

اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ

“.....ndereko sira marang agamane Ibrahim kang lurus, lan Ibrahim iku dudu golongane wong kang pada anyekuthoake.” (QS An-Nahl: 123)

Nabi Ibrahim as nampi ujian ingkang sanget amrat wusananipun Allah ngangkat derajatipun Nabi Ibrahim jalaran milo lulus ujian. Tumrap kito nampi pacoban saking Allah menawi saget nampi kanti sabar lan ridha, sahinggo imanipun soyo tambah, soyo mempeng nindakaken ngibadah.

Insyaallah kito bade kaparingan derajat ingkang langkung luhur menggahipun Allah. Kawontenan kito bade langkung sae manah langkung Tentrem. Insyaallah kito bade manggih karaharjan lan kemakmuran. Allah sampun paring pangandiko:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ

“Sing sopo wonge amal soleh nindakake kebecikan, lanang utowo wadon, ing mongko wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur.’’ (QS An-Nahl: 97)

Wusono mugi-mugi kito tansah kaparingan kawilujengan, katentreman, lan kebahagiaan soho karidlan saking ngarso dalem Allah swt. Amin.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah II

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ

Halaman
123

Berita Terkini