وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللَّهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا كُلٌّ فِي كِتَابٍ مُبِينٍ
Artosipun: Lan ora ano sawijining gegremetan (makhluk) ing bumi kejobo Allah ingkang paring rejekine, lan Allah mirsani saben papan panggonane lan pangane. Sedoyo sampun katulis ing kitab kang nyoto (Lauh mahfuzh). (QS. Hud: 6)
Tegese rejekine makhluk estu sampun dijamin Gusti Allah, kedah diyakini bilih Gusti Allah ingkang ngatur sedoyo. Rejeki meniko mboten cekap dipun pahami materi utawi bondo kimawon, ananging kesarasan, kekuatan tumindak kesaenan, saget dahar, saget ambekan, lan sak pitunggalane nggih termasuk rejeki saking Gusti Allah.
Jamaah Jumat Ingkang Dipun Rohmati Gusti Allah
Kedah kito pahami nalika mapak rejeki kang sampun ditakdir Gusti Allah, saben muslim kedah nggadah prinsip milah lan milih rejeki ingkang halal, kedah ati-ati, mboten sembarangan.
Ibnu Katsir nerangaken Surat Hud wonten inggil: “Gusti Allah paring kabar bilih rejeki sedoyo makhluk sampun dipun jamin, saking sedoyo rojokoyo ing bumi, gede-cilik ing daratan utawa lautan.”
Lajeng miturut Syaikh As Sa’dy, “Maksudipun sedoyo kang mlaku ing bumi, saking golongan menungso utawi kewan darat utawi laut, niku Gusti Allah sampun njamin rezeki lan panganipun, sedoyo ditanggung dining Allah.”
Keterangan meniko dipun tegesake malih wonten Al-Ankabut, 60:
وَكَأَيِّنْ مِنْ دَابَّةٍ لا تَحْمِلُ رِزْقَهَا الله يَرْزُقُهَا وَإِيَّاكُمْ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Artosipun: Lan katah bangsa kewan kang ora (mampu) ngurus rejekine. Gusti Alllah kang paring rejeki tumrap deweke lan tumrap sira kabeh, lan Gusti Allah Moho Mireng ugi Moho Waspada.
Hadirin Ingkang Bahagio
Ayat kasebat wonten inggil meniko paring pemahaman bilih rejeki makhluk niku sampun kecatet wonten lauh Mahfud. Tegese, mboten badhe satunggale tiyang angsal rejeki kejobo sampun ditakdir Gusti Allah.
Sinaoso mekaten, bab rejeki kedah estu dipun syukuri. Ampun ngantos malah ngufuri rejeki. Kranten Gusti Allah dawuh:
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Artosipun: Lan nalikane pengeran siro kabeh paring maklumat, saktemene lamun siro kabeh podo syukur (nikmat), mongko ingsun bakal nambahi. Lan lamun siro podo kufur (nikmat) saktemene sikso ingsun iku abot tenan. (Ibrahim: 7)