Katah sanget amaliah-amaliah sae ingkang menawi dipun lampahi angsal ganjaran soho piwales ingkang ageng, mboten sami kaliyan menawi dipun lampahi wonten lintunipun Idul Adha.
Salah setunggalipun amaliah ingkang dipun remeni Gusti Allah wonten dinten riyadin meniko, mbeleh hewan kurban.
Wonten kitab Sunan Turmudzi, 1413 dipun dawuhaken:
مَا عَمِلَ أَدَمِيٌ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلىَ اللّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ إِنَّهَا لَتَأتِي يَوْمَ اْلقِيَامَةِ بِقُرُونِهَا وَأَشْعَارِهَا وَأَظْلَافِهَا وَأنَّ الدّمَ لَيَقَعُ مِنَ اللَّهِ بِمَكَانٍ قَبْلَ أَنْ يَقَعَ مِنَ اْلأَرْضِ فَطِيْبُوا بِهَا نَفْسًا
Artosipun: Ora ono ngamale anak-putune Nabi Adam, ingdalem dino riyoyo kurban kang didemeni Gusti Allah ketimbang miliaken getih, yakni mbeleh hewan kurban. Saktemene, sesok ing dino Kiyamat, hewan-hewan kurban iku teko lengkap kanti sungune, wulune lan kuku-kukune. Saktemene, ganjarane kurban iku wis tumeko marang Allah sak durunge getihe hewan kurban iku netes tanah. Pramilo, podo mbagusono ati siro kabeh kanggo ngelakoni kurban. (HR. Imam Turmudzi, Ibn Majah).
Jamaah Jumat RahimakumulLah
Mundut saking pepertelan dawuh-dawuh meniko, langkung sae maleh kito cawis-cawis, nguripi dinten sakderenge kagem nyambut Idul Adha, supados tambah sempurno.
Misale, nindakaken poso Tarwiyah lan Arafah. Shaikh Abdurrahman bin Abdussalam ing kitab Nuzhatul Majalis nyebataken:
مَنْ صَامَ يَوْمَ التَّرْوِيَةِ أَعْطَاهُ اللّهُ ثَوَابَ أَيُّوبَ عَلَيْهِ السَّلامُ عَلَى بَلاَئِهِ, وَمَنْ صَامَ يَوْمَ عَرَفَةَ أَعْطَاهُ اللَّهُ ثَوَابًا مِثْلَ ثَوابِ عِيْسَى عَلَيْهَ السَّلامُ
Artosipun: Sopo wonge poso dino Tarwiyah mongko Allah aweh ganjaran koyo ganjarane Nabi Ayub AS naliko oleh cobo, lan sopo wonge poso dino Arafah, Allah paring ganjaran koyo ganjarane Nabi Isa.
Lajeng setunggal hadits kaitane kaliyan kautamane poso dinten Arafah, inggih meniko:
وعَنِ الفَضَلِ ابْنِ اْلعَبَّاسِ رضي اللّه عنه عَنِ النبيِّ صلّى اللّه عليه وسلّم قال: مَنْ حَفِظَ لِسَانَهُ وَسَمْعَهُ وَبَصَرَهُ يَوْمَ عَرَفَةَ غُفِرَلَهُ إِلَى عَرَفَةَ
Artosipun: Dipun riwayataken saking Fadlal ibn Abbas, saking Kanjeng Nabi Muhammad: Sopo wonge ngerekso lisane, kupinge lan mripate ingdalem dino Arafah, mongko duso-dusone dipun ngapuro Gusti Allah tumeko dino Arafah kang bakal tumeko. (Syuabul Iman lil Baihaqi)
Pramilo, mundut saking keterangan hadits meniko, kangge nggayuh kautaman ingkang agung, monggo, milai sakniki kito sami sinau ngrekso lisan, ngerekso kuping, soho peningal kito.
Ampun ngantos mripat, kuping soho lisan kito ginaaken kangge perkawis ingkang mboten dipun demeni kaliyan Allah, malah nyebabaken bendune Allah.