TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan contoh naskah Khutbah Jumat tentang Qurban dalam Bahasa Jawa edisi 7 Juni 2024, inspiratif dan penuh makna, tersedia juga dalam bentuk PDF yang bisa diunduh melalui link tautan dibawah ini.
- Unduh PDF Naskah Khutbah Jumat >>> [Klik Disini:]
_________
"Motivasi Ber-Qur'ban"
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَمَاتَ وَ أَحْيَى. وَأَمَرَنَا بِالتَّقْوَى وَ نَهَانَا عَنِ اتِّبَاعِ الْهَوَى ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ نِعْمَ الْوَكِيْل وَنِعْمَ الْمَوْلَى ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَ مَنْ يُنْكِرْهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلاَلاً بَعِيدًا ، وَ صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا وَ حَبِيْبِنَا الْمُصْطَفَى، مُحَمَّدٍ نَبِيِّ الْهُدَى ، الَّذِيْ لاَ يَنْطِقُ عَنْ الْهَوَى ، إِنْ هُوَ إِلاَّ وَحْيٌ يُوْحَى ، وَ عَلَى اَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدْقِ وَ الْوَفَا ، اَللَّهُمَّ اجْعَلْنَا مِمَّنْ اِتَّبَعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْجَزَا
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ،
Hadirin jama’ah Jumat yang dimuliakan Allah swt
Wonten ing wekdal ingkang mulya punika, khotib ngajak sedaya jamaah supados tansah ningkataken saha ngiyataken taqwa dhumateng Allah swt. Tegese taqwa iku:
امْتِثَالُ أَوَامِرِ اللهِ وَاجْتِنَابِ نَوَاهِيْهِ سِرًّا وَعَلَانِيَّةً ظَاهِرًا وَبَاطِنًا
Yaiku nindakake kabeh dhawuhe Allah swt lan ngadohi samubarang kang dilarang dening Panjenengane, kanthi samar utawi terang-terangan, awujud lahiriah lan batin.
Jama’ah Jumat Rahimakumullah.
Mboten lami maleh kita bakal mlebu ing wulan Dzulhijjah.
Wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Kautsar, Saderengipun Allah paring dhawuh dhateng kita supados kurban, Allah langkung rumiyin ngengetaken bilih nikmat ingkang dipun paringaken Allah punika kathah sanget, rizki ingkang mboten saged kita etang :
[الكوثر / 1 ] إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ
“Satemene Ingsun wis paring berkah kang akeh marang sira”.