Seputar Islam

Isi Naskah Khutbah Jumat Bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa, Menyentuh dan Penuh Makna, Ada LINK PDF

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Isi Naskah Khutbah Jumat Bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa, Menyentuh dan Penuh Makna, Ada LINK PDF

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan akan disajikan contoh Naskah Khutbah Jumat edisi bulan Dzulqadah, 24 Mei 2024/1445 H dalam Bahasa Jawa yang menyentuh hati dan penuh makna, tersedia juga dalam bentuk PDF yang bisa Anda unduh melalui link tautan dibawah ini.

_________

"Dakwah Kelawan Sifat Lemah Lembut"

Khutbah I:

الحمدُ لله حمدًا كثيرًا طيبًا مُبارَكًا فيه كما يُحبُّ ربُّنا ويرضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وحدَه لا شريكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّته وَاُلُوْهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكيمٌ في مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ

امَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا الله حقَّ التقوَى، وَقَالَ تَعاَلَى: وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ

Ma’asyiral Muslimin Rohimakumullah

Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah wonten ing panggenan pundi kimawon, sepi utawi rame, susah utawi bungah, kranten saking takwo kito saget pikantuk pengapuro lan ridone Gusti Allah.

Ugi, ampun kesupen ngucap syukur dumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kito nikmat kados dene arupi kesehatan, kesarasan lan kabegjan.

Sholawat salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga, lan poro sohabatipun ingkang sampun paring pituduh lan piwulang babakan agomo, sehinggo kito termasuk umat Islam ingkang pikantuk kabegjan. Milo, panguripan ing dunyo ingkang sekedap meniko kito gunaaken kanti sae. Sebab Gusti Allah dawuh:

وَمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَهْوٌ وَلَعِبٌ وَإِنَّ الدَّارَ الْآخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ

Artosipun: Ora ono panguripan ing dunyo kejobo guyon lan dolanan. Lan saktemene akhirat iku sejatine panguripan, lamun siro kabeh podo ngerti (Al-Ankabut, 64)

Ayat meniko negesaken bilih urip ing dunyo niki namung mampir ngombe, mampir sekedap, ameng-amengan, mboten langgeng, lan ngimutaken bilih akhirat niku ingkang dados panguripan lan panggenan sejati. Ngoten niku kagem tiyang ingkang mangertos lan paham kaliyan sejatine urip.

Poro Hadirin Rahimakumullah

Sampun kito mangertosi saking dawuh kasebat bilih kito ampun nggadahi sifat teledor, mbuang wektu, ngremehaken lan ngelarani marang liyan, sinaoso tiyang niku bodoh.

Halaman
123

Berita Terkini