Seputar Islam

Naskah Khutbah Jumat Tentang Bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Makna, Ada PDF

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Naskah Khutbah Jumat Tentang Bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Makna, Ada PDF

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan naskah Khutbah Jumat tentang bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa yang singkat dan menyentuh hati, tersedia juga dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui link dibawah ini.

_____

"Peristiwa Penting Ing Wulan Dzulqa'dah"

Khutbah I

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي أَصْلَحَ الضَّمَائِرَ ، وَنَقَّى السَّرَائِرَ ، فَهَدى الْقَلْبَ الْحَائِرَ اِلَى طَرِيْقِ أَوْلَى الْبَصَائِرَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الْعِزَّة وَالْبَصِيْرِ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه نَبِيُّ الْمُصْطَفَى الْفَقِيْر ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحمَّدٍ خَاتَمِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

Jamaah Jumat rahimakumullah.

Monggo kito sami ningkataken takwo lan taat dumateng Allah, wonten ing panggenan pundi kemawon kawontenan, rame utawi sepi, terang-terangan utawi rahasia, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegjan saking ngerso Gusti Allah.

Kedah kito mangertosi bilih Gusti Allah paring kamulyan arupi iman lan akal dateng menungso supados unggul ketimbang makhluk lintune.

Ugi panggenan lan wekdal ingkang dipun lampahi menungso nggadah kautaman ketimbang makhluk lintu. Antawisipun wekdal ingkang nggadahi kautaman nggih meniko wulan dzul qa’dah.

Gusti Allah dawuh wonten surat Isra’ ayat 70:

وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنَاهُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَىٰ كَثِيرٍ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلًا

Artosipun: Lan temen wis ingsun mulyaaken anak putu Adam lan ingsun angkut ono ing daratan lan laut, lan ingsun wis paring rezeki saking bahan kang sae, lan ingsun unggulake ngungkuli makhluk lintune kelawan keunggulan tenanan.

Hadirin Jamaah Jumat ingkang Bahagio

Ayat meniko miturut sebagian ahli tafsir dipun jelasaken bilih Gusti Allah sampun paring kamulyan dateng menungso (tedak turune Nabi Adam), nggih meniko golongane menungso ingkang pinaringan kedadiyan ingkang sae; fisik, akal, manah, hinggo pikantuk ilmu pengetahuan katah.

Halaman
123

Berita Terkini