Manungsa menika pancene makhluk kang tebih saking kasempurnan wonten perkawis napa mawon, semanten ugi ing dalem ibadah menika nggih kathah kirange. Shalat kurang khusyuk, sedekah kurang ikhlas, shiyam kurang sabar lan sanese kekurangan ing dalem ibadah.
Ananging Allah Dzat kang Maha Sempurna sampun paring solusi kagem nambali kekirangan menika. Kanthi kita sedaya negakaken ibadah sunnah menika pinangka nutup kiranganipun ibadah wajib.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda wonten hadits riwayat Imam Ahmad hadits nomer 16614,
أَوَّلُ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ صَلَاتُهُ فَإِنْ كَانَ أَتَمَّهَا كُتِبَتْ لَهُ تَامَّةً وَإِنْ لَمْ يَكُنْ أَتَمَّهَا قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ انْظُرُوا هَلْ تَجِدُونَ لِعَبْدِي مِنْ تَطَوُّعٍ فَتُكَمِّلُوا بِهَا فَرِيضَتَهُ ثُمَّ الزَّكَاةُ كَذَلِكَ ثُمَّ تُؤْخَذُ الْأَعْمَالُ عَلَى حَسَبِ ذَلِكَ
“Amalan kang mulane badhe dihisap saking hamba yaiku shalat. Menawa disempurnakake bakal dicatet sumpurna (kalih Malaikat). Ananging menawa kurang sempurna Allah paring dhawuh: Deloken! apa hambaKu kui nduwe amalan shalat sunnah sakbanjur sumpurnakno amal wajibe (kang kurang) sarana amal sunnahe. Amal zakat ya semana uga lan amal liane ya padha diukumi kanthi kaya kui.”
Kaleh: Pinangka Syukur
Shiyam Syawal menika kita tindakaken pinangka nyukuri nikmat Allah kang wujude saget nglaksanakaken ibadah Ramadhan sewulan muput. Menika nikmat Allah kang kedah dipun syukuri.
Syukur kang bener menika syukur kang mboten nabrak awisanipun Allah subhanahu wata’ala. Contone syukur kerana nikmat Allah diparing hasil sawah ladang kang sae ananging tiyang kala wau ngginakaken sebagian hasil kangge omben-omben kang haram, judi, zina, lan sak piturute. Sejatose syukur kang utama menika syukur kanthi ibadah dhumateng Allah.
Allah paring pangandikan,
وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ
“Lan supaya sira padha nyampurnakake wilangae puwasa mau lan padha ngegungna Allah dene anggone wus paring Pituduh ing sira kabeh lan supaya sira padha syukur.” (QS. Al-Baqarah: 185)
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nglaksanakaken shalat kanthi dangu-dangu ngantos sukunipun bengkak, lan ibadah-ibadah sanes ingkang kathah. Nalika dipun tangleti punapa kedah mekaten Rasulullah? Piyambakipun ngendika,
أَفَلاَ أَكُونُ عَبْدًا شَكُورًا
“Apa aku ora diparengke dadi hambane Gusti Allah kang syukur?”(HR. Al-Bukhari No. 2819)
Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah