Lajeng, keterangan bayyinat menika bilih Al-Qur’an dados hujjah utawi dalil ingkang cetha, sehingga antarane haq lan bathil, antarane perkawis ingkang halal lan haram, dados perkara ingkang pertela.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Supados Al-Qur’an dados hudan lan bayyinat kagem kita, mangka sampun sakmestine kita kedah sinau supados paham makna ana ing Al-Qur’an. Kita kedah sinau datheng para ulama ingkang langkung pirsa makna-makna ayat ana ing jerone kitab suci Al-Qur’an.
Saking keterangan para ulama menika lah, kita saget angsal pitudhuh saha ilmu saking Al-Qur’an. Ing akhire, kita saget ngamalake kanthi leres. Kados dene dhawuhe Allah ta’ala wonten ing Surat Al-Baqarah ayat 2:
ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَۛ فِيْهِۛ هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَۙ
Artosipun, “Kitab (Al-Qur’an), iki kitab kang bener, ora patut dimamangi meneh. Dadi pitudhuh datheng tiyang-tiyang ingkang padha duwe dasar rasa taqwa.” (QS Al-Baqarah: 2).
Jamaah Jum’at ingkang minulya
Ingkang saget kita amalaken ugi, supados kita angsal keberkahan saking Al-Qur’an punika, mangga kita sami ngatahi anggene kita maos utawi nderes Al-Qur’an. Piyambakan utawi diwaos sesarengan wonten ing masjid. Langkung-langkung wonten ing wulan Ramadhan.
Dhawuhe Kanjeng Nabi Muhammad saw:
وَما اجْتَمع قَوْمٌ في بَيْتٍ مِن بُيُوتِ اللهِ، يَتْلُونَ كِتَابَ اللهِ، وَيَتَدَارَسُونَهُ بيْنَهُمْ، إِلَّا نَزَلَتْ عليهمِ السَّكِينَةُ
Artosipun, “Ora ana (ganjaran liya) kanggo wong kang padha kumpul ana ing omah-omahe Gusti Allah kanthi maca utawi nyinauni Al-Qur’an, kejaba bakal dipunturunaken rasa antheng lan tentrem, saha diparingi rahmat …” (HR Muslim).
Mboten naming niku, kanthi maos Al-Qur’an kita ugi bakal dipun paringi syafa’at. Kados dhawuhe Kanjeng Nabi Muhammad saw:
اقْرَءُوا الْقُرْآنَ؛ فَإِنَّهُ يَأْتِي شَفِيعًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ لِصَاحِبِهِ
Artosipun, “Wacanen Al-Qur’an. Sebab, Al-Qur’an bakal teka menehi syafaat nalika dina Kiamat kanggo wong sing kekancan (sing moco lan ngamalke) Al-Qur’an.” (HR Ahmad).
Mugi-mugi kita sedhaya dipunparingi Allah ta’ala pitudhuh saking Al-Qur'an, saha kekiyatan lan gampil, anggene kita saget maos lan sinau Al-Qur’an. Ugi kita kalebet dados kancane Al-Qur’an, lan angsal syafa’ate ana ing dina Kiamat. Amin, allahumma amin.