Seputar Islam

Isi Naskah Khutbah Jumat Malam Lailatul Qadar Bahasa Jawa yang Khimdat dan Penuh Makna, Lengkap PDF

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Isi Naskah Khutbah Jumat Malam Lailatul Qadar Bahasa Jawa yang Khimdat dan Penuh Makna, Lengkap PDF

TRIBUNSUMSE.COM - Berikut merupakan naskah Khutbah Jumat bertemakan malam Nuzulul Quran 2024 dalam Bahasa Jawa yang penuh makna dan berkesan, lengkap dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui tautan dibawah ini.

  • Unduh PDF Naskah Khutbah Jumat 1445H/2024 >>> [Klik Disini;]

**

Khutbah Jumat: "Mapak Lailatul Qadar"

Khutbah I

الحمْدُ لله, الحمدُ للهِ الذِّي جَـعَـلَ رمـضـانَ شَـهْـرَ الـصّـِيـَامِ شَـهْـرٌ فـيـهِ تُـطْـهَـرُ أَنْـفُـسُــنَـا مِـنَ الْـمَعـَـاصِى وَالْأَثـَامِ أشـهـد ان لأ اله الا الله وحده لا شـريك له الْـمَـلِكُ الْـقُـدُّوسُ الـسَّــلَامُ وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ صَلاَةً تُشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ

اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

Kaum Muslimin Rahimakumullah

Monggo kito tansah netepi taqwa lan ngabekti dumateng Gusti Allah kanti tenanan lan nebihi sedoyo awisanipun, minongko dados sarono kito ngerungkepi Iman lan Islam saklebete gesang wonten ing dunyo meniko. Gusti Allah dawuh

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

Artosipun: Hei wong kang podo iman, wediyo siro kabeh marang Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi, lan ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam .(QS. Ali Imran 102).

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Wonten dinten meniko kito sampun ngelampahi siyam ngantos 20 dinten, artosipun kito soyo parek kaliyan wengi likurane Ramadhan, lan akas ningkatake ibadah supados saget manggihi wengi ingkang dipun wastani lailatul qadar, inggih meniko setunggaling malam ingkang luweh sae ketimbang sewu wulan. Gusti Allah sampun ngendikan:

لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ

Artosipun: Wengi kemulyan (lailatul qadar) niku langkung sae ketimbang sewu wulan.

Wengi ingkang diwastani lailatul qadar sanes wengi damel perayaan, seneng-seneng utawi pepesten nasib, ananging wengi ingkang kebak kemulyan.

Antawisipun mandape poro malaikat termasuk malaikat Jibril kelawan izin saking Gusti Allah lan wonten wengi niku paring tambah keselametan ngantos metune fajar. Gusti Allah dawuh:

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ. وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ. لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ. تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ. سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ

Artosipun: Saktemene ingsun wes nurunaken Al-Qur'an ing jerone lailatul qadar. Opotoh siro kabeh ngerti opo iku lailatul qadar? Yoiku wengi kamulyan ingkang luwih becik tenimbang sewu wulan. Wonten dalu niku poro malaikat lan malaikat Jibril sami mandap kelawan izine Gusti Allah kagem noto sedoyo urusan, tambahe keselametan hinggo metune fajar.

Pepertelan bilih Al-Qur'an mandap ing njerone lailatul qadar nggih dipun sebatake wonten surat al-Dukhan ayat 3:

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةٍ مُّبٰرَكَةٍ اِنَّا كُنَّا مُنْذِرِيْنَ

Artosipun: Saktemene ingsun wes nurunake (Al-Quran) ing jerone wengi kang kebak barokah (diberkahi). Saktemene ingsun kang paring peringatan.

Hadirin, kedah kito mangertosi bilih pepertelan wengi kamulyan mboten sanes damel semangat umat Islam supados ngatahaken ibadah ing sepuluh akhir wulan Ramadhan kanti tenanan.

Amargi wengi kamulyan (lailatul qadar) mboten wonten tiyang ingkang saget nyumerapi. Menawi wonten tiyang ingkang paring tondo utawi pepesten dumawahe lailatul qadar, mongko meniko saking peningal lan ikhtiyar piyambake kemawon.

Lajeng kados pundi corone kito saget mapak wengi kamulyan meniko? Jawabipun nggih kedah nguripi saben wengi Ramadhan khususe ing akhir kelawan ibadah lan ngelampahi kesaenan.

Saking meniko, otomatis mboten wonten wengi ingkang nganggur utawa kosong tanpo diisi njungkung ibadah marang Allah.

Hadirin Jamaah Jumat ingkang Minulyo
​​
Pengadatane umat Islam wonten akhir Ramadhan sami i’tikaf wonten masjid, keranten sampun dipun contohaken Kanjeng Nabi Muhammad. Pramilo ing njerone likuran wengi Ramadhan kito saget mirsani umat Islam katah ingkang ngerameaken masjid kelawan tadarus Al-Quran, I’tikaf, shalat tasbih lan sak pitunggalane.

Setunggale dungo ingkang populer didamel khususe likuran Ramadhan, nggih meniko:

عن عائشة -رضي الله عنها- أنّ رسولَ اللهِ -صلى الله عليه وسلم- كانَ يقول في ركوعه وسجودِه: سبُّوحٌ قُدُّوسٌ رَبُّ المَلاَئِكَةِ وَالرُّوحِ (رواه مسلم)

Artosipun: Saking Aisyah, saktemene Rasulullah ngucap doa nalika ruku lan sujude: Moho suci lan bersih Gusti Allah kang dadi pengerane poro malaikat lan malaikat Jibril (ruh).

Lajeng dungo tambahane hadits riwayat Tirmidzi saking jalur Aisyah:

عَنْ عَائِشَةَ قَالَتْ قُلْتُ يَا رَسُولَ اللَّهِ أَرَأَيْتَ إِنْ عَلِمْتُ أَىُّ لَيْلَةٍ لَيْلَةُ الْقَدْرِ مَا أَقُولُ فِيهَا قَالَ قُولِى اللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّى

Halaman
12

Berita Terkini