Artinya: Hai orang-orang yang beriman, bertakwalah kepada Allah sebenar-benar takwa kepada-Nya; dan janganlah sekali-kali kamu mati melainkan dalam keadaan beragama Islam.
Takwo sejati marang pengeran meniko tegese ajrih kaliyan Gusti Allah, sehinggo ibadahipun diniati krono Allah kanti ikhlas lan cecekelan agomo Islam ngantos pejah utawi ditimbali kaliyan Gusti Allah.
Jamaah Jumat Ingkang Minulyo Kedah kito mangertosi bilih salah setunggale tetenger tiyang ingkang cecekalan agomo Islam niku kedah ngajari kesaenan soho ndidik anak, amergi dados perkawis ingkang wigati ingdalem mbentengi lan ngerekso putro wayah saking sikso geni neroko.
Gusti Allah dawuh:
Artosipun: Hei wong kang podo iman, ngereksoho siro kabeh ing awak lan keluarga siro saking geni neroko, mulat-mulate neroko iku soko menungso lan watu, lan dijagi kaliyan malaikat kereng, kang ora maksiat marang perintahe Allah lan nindakaken nopo kiwamon ingkang diperintah Allah.
Sahabat Ali njelasaken maksud ngerekso utawi njagi awak lan keluargo niku mulangi akhlak lan ilmu dumateng putro wayah.
Dawuh meniko paring pangertos bilih putro wayah meniko amanah, titipan saking Gusti Allah ingkang kedah kito jagi lan dipun sangoni ilmu lan akhlak, supados naliko sampun ageng dados tiyang Islam ingkang migunani lan nggadah akhlak mulyo. Tentu kito kedah mulang lan nyontoni awit alit.
Hadirin Rahimakumullah
Sakmangke katah putro wayah ingkang dipun tilar lan mboten dididik bab ilmu agomo, langkung-langkung bab akhlak, kranten tiyang sepahe sibuk makaryo.
Akhiripun morale mboten sesuai kaliyan ingkang kito harapaken. Padahal kito sedoyo kedah mbimbing lan maringi keilmuan ingkang saget nyelametaken saking bendune Gusti Allah.
Kanjeng Nabi dawuh:
Artosipun: Ora ono bayi kang dilahiraken kejobo arupi resik, suci. Tiyang sepahe ingkang mbentuk Yahudi utawa Nasrani, utawa Majusi.
Pramilo saking meniko, monggo sareng-sareng ndidik putro wayah dados tiyang ingkang nggadah akhlak mulyo soho ilmu ingkang migunani dateng keluargo, agomo, lan negoro.
Kranten tindak lampah kito bakal ditiru digugu kaliyan putro wayah, menawi sae, mongko nulari kesaenan, menawi olo, mongko bakal ditiru olo.
Ilmu ingkang kito ajaraken saget dimulai saking pondasi ilmu tauhid, ilmu fikih kados sesuci, sholat, bebersih, lan akhlak kados dene matur guneman sae, serawungan kaliyan masyarakat.
Saking ilmu-ilmu meniko putro wayah nggadahi bekal ingatase ngelampahi kesaenan ingkang sampun diajeng-ajeng kaliyan agomo.
Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan gangsar anggenipun ndidik putro wayah lan saget nulari kesaenan ngantos putu, canggah soho masyarakat ing sekeliling kito. Amiin.
>>> Download PDF Khutbah Jumat Bahasa Jawa Klik Disini
Baca juga: Arti Najah, Bitaufiq Wannajah, Maannajah Fil Imtan, Kata Ucapan dan Doa Selamat Ujian Semoga Suksesn
Itulah 2 teks khutbah Jumat singkat bahasa Jawa lengkap, mudah diingat dan dipahami.
Baca artikel dan berita lainnya langsung dari google news