Ugi wonten ing wulan kasebat, masyarakat naliko semanten sami ninggalaken daerahipun, sak perlu bidal perang utawi tindakan.
Kanjeng Nabi dawuh:
لَا عَدْوَى وَلَا طِيَرَةَ وَلَا هَامَةَ وَلَا صَفَرَ وَفِرَّ مِنْ الْمَجْذُومِ كَمَا تَفِرُّ مِنْ الْأَسَدِ. رواه البخاري ومسلم
Artosipun: Ora onok ‘adwa, thiyaroh, hamah, shofar, lan mlayuo siro saking wong kang kena kusta (lepra) koyo dene siro mlayu (ngadoh) saking singa. (Riwayat Bukhari lan Muslim)
Tegese ‘adwa meniko percados menawi wonten penyakit ingkang saget nular piyambak, tanpo wonten proses sakderengipun lan tanpa izin saking Allah. Thiyarah meniko percados bilih nasib sae lan nasib olo saksampunipun ningali manuk.
Amergi ing masyarakat jahiliyah wonten mitos menawi wonten tiyang medal saking griyo ningali manuk mabur ing sisih tengenipun, niku tengere pinaringan nasib sae. Kosok wangsulipun menawi ningali manuk mabur ing sisih kiwo, niku tengeripun manggihi nasib awon, milo kedah wangsul.
Keranten zaman jahiliyah, katah ingkang nganggep bilih wulan Shofar minongko wulan sial utawi dipun sebat tasya’um. Wulan ingkang mboten nggadah kekarepan nopo-nopo dipun percados ngeliputi kejemberan hinggo nimbulaken ajrih nindakaaken perkawis tertentu.
Padahal, sejatosipun wulan Shofar mboten nyebabaken nasib awon utawi sae. Menawi wonten kedadosan ingkang awon utawi sae wonten lebetipun, meniko sampun kersanipun Gusti Allah, sanes amergi wulan Shofar piyambak.
Jamaah Sholat Jum’at Ingkang Bahagio
Saking pepertelan kasebat, kito kedah imut kaliyan dawuh Gusti Allah:
مَآ أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِى ٱلْأَرْضِ وَلَا فِىٓ أَنفُسِكُمْ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مِّن قَبْلِ أَن نَّبْرَأَهَآ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ
Artosipun: Saben musibah ingdalem bumi lan ingkang mekenani awak siro kabeh iku kecatet ingdalem kitab (lauhul Mahfud) sakdurunge ingsun ngewujudaken. Saktemene mengkunu gampang mungguhe Gusti Allah (QS Al-Hadid, 22).
Pramilo, wonten setunggale hadits ingkang dipun riwayataken Abu Dawud, Ibnu Majah, Tirmidzi kito dipun anjuraken supados ndedungo :
بِسْمِ اللَّهِ الَّذِي لَا يَضُرُّ مَعَ اسْمِهِ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Artosipun: Kelawan nyebut asmane Allah, nopo-nopo ingdalem bumi lan langit ora bakal mbahayani kanti nyebut asmane Allah, Gusti Allah dzat ingkang midanget lan ngaweruhi nopo kimawon.