Lebaran 2023

Materi Khutbah Idul Fitri 1 Syawal 1444 H/2023 Bahasa Jawa Singkat, Ada File PDF

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Materi Khutbah Idul Fitri 1 Syawal 1444 H/2023 Bahasa Jawa, Singkat dan Lengkap Ada File PDF

Jama`ah shalat `Ied ingkang minulya.

Kangge duka ingkang kaping pinten, enjang punika kita saged nglampahi `Iedul Fithri. `Iedul Fithri bade tansah kedadosan malih saben tahun, mila mesti wonten hikmah utawi piwucal ingkang saged kita pendhet saking mriku. Piwucal ingkang saged kita pendet  kanthi cepet inggih punika piwucal supados kita wangsul daateng fithrah kita minangka manungsa, wangsul dateng asal mula bukanipun manungsa, sinten sejatinipun lan kangge napa wontenipun.

Ingkang kawitan, fithrahipun manungsa punika makhluk ingkang dipun damel dening Gusti Allah. Mboten jalaran kita ingkang kepengin lajeng kita wujud. Ugi mboten jalaran kepenginipun bapak ibu. Nyatanipun, mboten saking kawitan kita ngertos bilih kita punika manungsa. Tunggu ngantos paling mboten pitung tahun kita nembe ngertos bilioh kita punika manungsa

Nyatanipun, kathah lare ingkang lahiripun mboten dipun kepengini bapak ibunipun, nembe lahir lajeng dipun bucal ber, utawi dipun tilar lar, utawi malah awit taksih wonten lebet wetengan, tiyang sepuhipun sampun ngupayaaken sak sagedipun bade ngguguraken. Sewangsulipun, kathah tiyang sepuh ingkang ngotot sanget supados gadhah anak ingkang mangkenipun bade dados manungsa, tah nyatanipun mboten kasil.

Dados, sepisan malih, ingkang kawitan kedah dipun sadari, manungsa, kita sedaya nggih manungsa, punika makhluk, dipun damel, dipun ciptaaken.

اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Jama`ah shalat `Ied  ingkang minulya.

Wonten ingkang dipun damel mesthi wonten ingkang ndamel. Wonten makhluk mesthi wonten Al-Khaliq. Al-Khaliq nyiptaaken manungsa mesthi mboten namung iseng utawi dolanan tanpa hikmah lan tanpa tujuan. Wonten surah Al-Mu`minun 116 Allah Ta`ala ngendika :

اَفَحَسِبْتُمْ اَنَّمَا خَلَقْنٰكُمْ عَبَثًا وَّاَنَّكُمْ اِلَيْنَا لَا تُرْجَعُوْنَ

“Terus, apa kowe kabeh ngira  menawa Ingsun nyiptaaken kowe kabeh mung nggo dolanan thok? Lan menawa kowe kabeh ora arep dibalekake maring Panjenengan Ingsun?”

Mesthi mawon mboten nggih? Lajeng tujuan dipun damelipun manungsa punika kanthi cetha dipun ngendikaaken Gusti Allah wonten surat Adz-Dzariyat  56 :

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ

“Lan Ingsun ora nyiptaaken jin lan manungsa kejaba supaya jin lan manungsa mau pada ngawula bekti maring Panjenengan Ingsun.”

Dados, sak sampunipun kita, para manungsa ngaku minangka makhluk, kita mboten kenging nglirwaaken tujuan kita diciptaaken, nggih punika ngawula bekti, ngibadah. Manungsa ingkang mboten purun ngawula bekti dateng Gusti Allah ingkang sampun ndamel piyambake, berarti mboten ngertos utawi mboten nyadari fithrahipun.

Amargi kathah tiyang ingkang kados mekaten, mila Gusti ingkang

Halaman
1234

Berita Terkini